AbstrakTradhisi Kesenian Obyogan minangka sastra non-lisan kang awujud tarian. Tradhisi kesenian obyoganditindakake saben wiwitan sasi jawa, ana ing bale desa Tajug, Kecamatan Siman, Kabupaten Ponorogo. Tradhisikesenian obyogan iki mujudake bentuk kabudayan dinamis kang ngalami owah-owahan utawa owah gingsir sakajaman biyen, nganti tumekaning jaman saiki. Obyogan iki dhewe ditindakake kanggo ngujub donga marangGusti supaya paring berkah panen kang nengsemake. Sajrone panliten iki bakal dirembug babagan mula buka,makna ubarampene, tata laksanane, owah gingsir lan pigunane tradhisi kesenian obyogan tumrap masyarakatpanyengkuyunge. Panliten iki nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten awujuddhata lesan utawa barang. Teknik analisis keabsahan dhata nggunakake triangulasi dhata, yaiku mbandhingakepamawas saka narasumber siji lan narasumber liyane. Perangan-perangan kasebut bakal diandharake kanthipamawas saka narasumber kang wus suwi nyemplung lan nyengkuyung tradhisi kesenian obyogan iki. Mulabukane, dumadi saka pakulinan wong padesan kang rame-rame utawa bebarengan nalika menyang sawah.Kahanan lelungan bebarengan iku diarani obyog. Tata laksanane tradhisi kesenian obyogan iki ana persiapan,kang diwiwiti wawanrembug antara para sesepuh desa, perwakilan RT, RW lan sinoman sadurunge nglaksananitradhisi iki, dibacutake adicara kaya nyumping barongan lan suguh sega kokok, nganti punjere acara yaikuobyogan. Ubarampe kang digunakake maneka werna, ana sega kokok, wujude nguncup tegese ora ana kangluwih dhuwur tinimbang Gusti, gedhang salirang, gambaran tangan ngathung ngarep-arep berkah, kambilminangka gambaran donya kang ora waton alus dalane, cok bakal gambaran donya lan isen-isene, apem wujudpanyuwunan ayem tentrem, rokok klobot gambaran sabare manungsa lan sarana ngirim panyuwunan, pitik jawaminangka gambaran pangorbanane manungsa. Owah gingsire budayane yen biyen kanggo ngujub berkah sakaGusti, slaras lumakune jaman obyogan jaman saiki dadi kesenian tari hiburan. Wujud piguna tumrap masyarakatpanyengkuyunge kayata, bisa aweh panyengkuyung ing bab ekonomi, amarga para warga bisa nggelar daganganing sakiwa tengene papan panggonan kang digunakake tradhisi kesenian obyogan.Tembung wigati : tradhisi, kabudayan, obyogan, owah gingsir, kesenian