Annita Rachmalia Mustikaningrum
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Published : 1 Documents Claim Missing Document
Claim Missing Document
Check
Articles

Found 1 Documents
Search

ULENGANE KATRESNAN SAJRONE NOVEL POLITIK TRESNA ANGGITANE TULUS S. (TINTINGAN DHEKONSTRUKSI) Annita Rachmalia Mustikaningrum; Bambang Purnomo
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (113.71 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

AbstrakNovel Politik Tresna mujudake salah sawijine novel kang nyritakake ngenani katresnane rumaja.Paraga kang nggambarake katresnan sajrone novel iki yaiku Agung, Ardini, Angga, lan Arifin. Katresnan ikikagambarake dening para paraga lumantar saperangan cara. Ana kang diwujudake kanthi cara menehikawigaten lumantar bandha kang diduweni, lumantar kawigaten kayata kerep menehi kabar, sarta lumantarkawicaksanane. Saka wujude tresna kasebut ngemu makna-makna kang sumurat lan sinirat. Anane makna kangsinirat iki nuwuhake saperangan oposisi sajrone novel Politik Tresna. Kanthi migunakake pamarekandhekonstruksi, oposisi-oposisi kang ana ing novel kasebut bisa kajlentrehake kanthi cetha saengga bisa kadudutpamikiran lan pamawas anyar.Underan panliten kanthi pamarekan dhekonstruksi sajrone novel Politik Tresna iki bakal ngrembugbabagan: 1) Gegambarane katresnan sajrone novel Politik Tresna’ 2) Ulengane katresnan kang tuwuh sajronenovel Politik Tresna, lan 3) Wawasan dhekonstruksi tumrap novel Politik Tresna. Ancas saka panliten iki, yaiku1) Nggambarake wujud katresnan kang ana ing novel Politik Tresna, 2) Ngandharake konflik kang ana ing novelPolitik Tresna, lan 3) Njlentrehake wawasan dhekonstruksi tumrap novel Politik Tresna. Saliyane dhekonstruksi,panliten iki uga disengkuyung dene pamarekan struktural. Struktur iki mujudake perangan kang wigati jalarananane sesambungan antarane struktur siji lan liyane bisa nuwuhake makna sajrone crita. Pamarekandhekonstruksi kang digunakake tumrap panliten iki katindakake kanthi cara menehi kawigaten tumrap bab-babkang kapinggirake utawa dilirwakake dening pangripta, yaiku ngenani katresnane Angga marang Ardini. Sakacara kasebut nuduhake yen ana makna liya kang sinirat ngenani katresnan kang didarbeni paraga Angga.Panliten iki kalebu jinise panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku novelPolitik Tresna anggitane Tulus S. Dhata kang digunakake ing panliten iki yaiku awujud tembung lan ukara. Asilsaka panliten iki bakal nuduhake wujude tresna kang sejati sajrone novel Politik Tresna. Tresna kang katonendah pranyata nduweni makna kang sinirat. Para paraga kang ndarbeni rasa tresna ora mung nggambaraketresna kang endah lan kebak kawigaten, nanging uga katresnan kang ala lan lecekan. Ulengane katresnan kangdialami para paraga iki bisa nuduhake wewatakane paraga kang sanyatane.Tembung wigati: Ulengan, Katresnan, Dhekonstruksi.