Claim Missing Document
Check
Articles

Found 1 Documents
Search

Konflik batin tokoh utama dalam novel tatu karya Tulus Setiyadi kajian psikologi sastra Widodo, Santri; Sulanjari, Bambang; Werdiningsih, Yuli Kurniati
JISABDA: Jurnal Ilmiah Sastra dan Bahasa Daerah, Serta Pengajarannya Vol 5, No 1 (2023)
Publisher : Universitas PGRI Semarang

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | DOI: 10.26877/jisabda.v5i1.16800

Abstract

Panaliten punika duweni ancas kanthi jlentrehaken babagan konflik batin tokoh utama sajroning novel Tatu anggitannipun Tulus Setiyadi kanthi ngginakaken kajian psikologi sastra. Panaliten punika ngginakaken metode kualitatif kanthi dudutan dhata arupa tembung-tembung lan njlentrehaken konflik batin tokoh utama. sumber dhata ingkang dipun_ginakaken punika saking novel Tatu anggitannipun Tulus Setiyadi. Dhata sajroning panaliten punika arupa tembung-tembung utawa ukara kang ngenani babagan konflik batin ingkang dipun lampahi kaliyan tokoh utama. Teknik pengempalan dhata inggih punika ngginakaken teknik baca lan catat, teknik analisis dhata ngginakaken reduksi dhata, display dhata, lan verifikasi dhata utawa njupuk dudutan.Adhedhasar analisis novel Tatu anggitan_nipun Tulus Setiyadi, panaliten punika nemokake rong puluh dhata babagan konflik batin kang dipun alami dening tokoh utama Karisma, yaiku kaya dene: (1) depresi antuk rong dhata, (2) marah antuk papat dhata, (3) sakit hati antuk telu dhata, (4) obsesi antuk telu dhata, (5) cemas antuk papat dhata, lan (6) tidak puas antuk papat dhata. Konflik batin punika dilampahi tokoh utama ingkang paring asma Karisma sawektu nglampahi saben-saben lakon, kaya dene: nalika Karisma ditinggal seda ibu lan jabang bayine, nalika Karisma omah-omah karo Rony banjur kagodha tokoh Saraswati, nalika anak kuwalone takon wong tuwane kang sak benere, lan nalika Karisma berjuang kanggo mbangun balewisma karo Karmun. Adhedhasar konflik batin kang cacahe nem (6) punika, tokoh utama nglampahi konflik batin akeh-akehe kerana faktor eksternal.