Jurnal Online Baradha
Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017

AKTUALISASI DHIRI PARAGA UTAMA SAJRONE CERBUNG NGOYAK LINTANG ANGGITANE AL ARIS PURNOMO (TINTINGAN PSIKOHUMANISTIK CARL ROGERS)




Article Info

Publish Date
12 May 2017

Abstract

Abstrak Cerbung Ngoyak Lintang anggitane Al Aris Purnomo yaiku karya sastra sing nyritakake paraga utama Widyaningsih. Wanita saka panti asuhan sing biyen uripe nandang kasusahan lan nduweni tekad ngupayakake panguripane kanggo nggayuh kasuksesan. Kapribaden lan tumindake kanggo nggayuh kasuksesan kasebut mujudake aktualisasi dhiri. Aktualisasi dhiri kasebut digambarake kanthi sipat lan tumindak sajrone merjuwangake uripe. Mula saka iku, cerbung Ngoyak Lintang bakal ditintingi kanthi nggunakake teori psikohumanistik Carl Rogers, mligine perangan aktualisasi dhiri. Saka lelandhesan panliten kasebut, underan panliten iki yaiku (1) Kepriye wujud aktualisasi dhiri paraga utama sajrone cerbung Ngoyak Lintang? (2) Apa motivasi paraga utama nindakake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang?, lan (3) Kepriye carane paraga utama mujudake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang?. Adhedhasar underan panliten kasebut, ancas saka panliten iki, yaiku : (1) Ngandharake wujud aktualisasi dhiri paraga utama sajrone cerbung Ngoyak Lintang, (2) Ngandharake motivasi paraga utama nindakake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang. (3) Ngandharake carane paraga utama mujudake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang. Panliten iki nggunakakke metodhe dheskriptif kualitatif, amarga dhata sajrone panliten iki wujude tembung-tembung lan ukara-ukara sing mau ditliti kanthi faktual. Saliyane iku, panliten iki uga nggunakake pamarekan objektif. Dhata sing digunakake sajrone panliten iki yaiku karya sastra awujud cerbung sing kapacak ing sawijining kalawarti Jawa Panjebar Semangat. Tata cara kang digunakake kanggo ngumpulake dhata sajrone panliten iki yaiku nggunakake metodhe dhokumentasi. Asile panliten kapisan ngenani wujud aktualisasi dhirine paraga utama, yaiku (1) pemeliaraan dhiri/ maintenance, (2) paningkatan dhiri/ enhancement, (3) pamawas becike wong liya/ positive regard of other, lan (4) pamawas becik dhiri pribadi/ self regard. Panliten kapindho ngenani motivasi paraga utama nindakake aktualisasi dhiri saka faktor internal lan faktor eksternal. Sarta underan sing kaping telu ngandharake yaiku carane paraga utama mujudake aktualisasi dhiri sajrone cerbung Ngoyak Lintang.

Copyrights © 2016






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...