Jurnal Online Baradha
Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017

PROPAGANDHA PKI SAJRONING CERBUNG TING ANGGITANE DYAH KUSHAR: TINTINGAN NEW HISTORICISM




Article Info

Publish Date
12 May 2017

Abstract

Abstrak Propagandha nduweni teges nyebar panemu bab poliitik, lan sapanunggale supaya kang ngrungokake gelem melu. Propagandha uga bisa diwedhar sajroning karya sastra. Cerbung Ting iki nyritakake propagandha-propagandha kang ditindakake dening PKI. Kanggo ngonceki propagandha sajroning cerbung Ting, panliten iki nduweni telu underan, yaiku: 1) Kepriye wujud propagandhane PKI minangka praktik sosial kang dikukuhke sajrone cerbung Ting anggitane Dyah Kushar. 2) Kepriye tumanggape bebrayan kang dadi dhasare propagandha PKI sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar. 3) Kepriye idheologi kang disengkuyung lan ditentang sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar. Paedah tumrap panliten iki yaiku bisa mangerteni wujud propagandha kang ditindakake dening PKI sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar, bisa menehi pamawas kang luwih jembar, lan nambah kawruh ngenani reriptan sastra Jawa modern. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif komparatif. Sumber dhatane panliten arupa cerbungTinganggitane Dyah Kushar kang kababar ing kalawarti Panjebar Semangat taun 2009-2010. Dhatane panliten iki awujud frase, tembung lan ukara kang ana gayutane karo undherane panliten. Panaliten iki nggunakake teknik analisis dhata antarane yaiku teknik klasifikasi,deskripsi, lan analisis Dudutan asiling panliten propagandha PKI sajroning cerbung Ting anggitane Dyah Kushar kanthi tintingan New Historicism, ana telung perangan kang dadi dudutan. Sepisan, propagandha minangka praktik sosial kang dilakoni dening PKI. Propagandha PKI ana patang jinis kayata 1) propagandha vertikal kayata nari lan nembang Genjer-genjer, andhum ting, lan pawai ngubengi kutha, 2) propagandha horizontal kayata nekakake pelatih tari tanpa rembugan karo pengarepe kumpulan wayang lan ngganti pengarep kumpulan wayang wong, 3) propagandha intregasi kayata ndakwa lawan politik kang ngobong ting, lan 4) propagandha agitasi kayata weneh janji-janji marang rakyat cilik. Kapindho, tumanggape bebrayan kang ndhasari propagandha PKI kaperang dadi loro, yaiku 1) faktor pendhidhikan lan kacingkrangan, lan 2) propaganda PKI kanggo merjuwangake nasibe rakyat cilik. Katelu, idheologi kang disengkuyung lan ditentang sajroning cerbung Ting kaperang dadi loro, yaiku idheologi komunisme lan idheologi islamisme. Tembung Wigati: propagandha, PKI, New Historicism

Copyrights © 2016






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...