Abstrak Cerbung Nrima ing Pandum anggitane Sutarmanto nggambarake ngenani kabutuhan rasa tentrem para paragane. Kabutuhan rasa tentrem kang durung kacukupan bisa nuwuhake pirang-pirang problem. Saliyane anane problem kang tuwuh uga ana pirang-pirang upaya kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentrem. Bab rasa tentrem minangka unsur kang onjo sajrone cerbung Nrima ing Pandum kasebut, mula panliten iki nliti babagan kabutuhan rasa tentrem para paragane kanthi nggunakake teori psikologi humanistik hirarki kabutuhane Abraham Maslow mligine babagan kabutuhan rasa tentrem. Underane panliten iki yaiku 1) Kepriye gambaran kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung Nrima Ing Pandum Anggitane Sutarmanto, 2) Kepriye problem saka kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung kasebut, 3) Kepriye upayane paraga kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung kasebut. Slaras karo undere panliten dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku 1) ngandharake gegambaran kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung Nrima Ing Pandum Anggitane Sutarmanto, 2) ngandharake problem saka kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung kasebut, 3) ngandharake upayane paraga kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentrem paraga sajrone cerbung kasebut. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa cerbung sajrone kalawarti Nrima ing Pandum. Dhatane panliten yaiku tembung, frase lan ukara sajrone cerbung Nrima Ing Pandum taun 2015. Panglumpuke dhata kasebut nggunakake teknik waca pilih cathet lan kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata nggunakake metodhe dheskriptif analisis kanthi tintingan psikologi sastra Abraham Maslow. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu. Perangan sepisan ngenani gambaran kabutuhan rasa tentreme paraga kaperang dadi wolu, yaiku 1) Kabutuhan rasa tentrem saka rasa tagihan utang, 2) Kabutuhan rasa tentrem saka mungsuh, 3) Kabutuhan rasa tentrem saka bebaya, 4) Kabutuhan rasa tentrem saka idheologi tartamtu, 5) Kabutuhan rasa tentrem saka inciman, 6) Kabutuhan rasa tentrem saka pangenyek, 7) Kabutuhan rasa tentrem saka lara, lan 8) Kabutuhan rasa tentrem saka rasa sumelang. Perangan kapindho, problem kang tuwuh saka kabutuhan rasa tentreme paraga diperang dadi telu yaiku 1) pikiran mbruwet 2) rasa rikuh, lan 3) wedi srawung. Perangan katelu upaya kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentreme paraga diperang dadi enem yaiku 1) Gelem diwelasi, 2) Nyilih dhuwit, 3) Ndhewe, 4) Menging wong liya, 5) Pasrah marang Gusti, lan 6) Donga marang Gusti.
Copyrights © 2016