Abstrak Serat Nawaruci minangka salah sawijine kasusastraan lawas kang diserat dening Mpu Siwamurti banjur dialih aksarakake dening Prijohoetomo. Serat kasebut uga wis kondhang kaloka ing masyarakat kabukti saka crita Nawaruci kang asring digawe pagelaran wayang kulit. Ora mung kuwi serat kasebut uga akeh sing nliti ngenani filsafat lan piwulange. Mula saka kuwi panliten uga kepingin nliti serat kasebut, ananging babagan kang arep ditliti ngenani nilai budaya kang ana sesambungane manungsa karo alam. Gusti nyiptakake isine dunya iki maneka werna jinis tetuwuhan lan sato kewan. Ing jaman biyen karo ing jaman saiki akeh sing ngalami owah-owahan mligini aran utawa jeneng, uga ana sing cures lan uga akeh kang wis dimanfaatake kanggo obat herbal. Jinis tetuwuhan ing alam dunya mesthi ana guna lan manfaate, masyarakat ing jaman saiki wis akeh sing manfaatake tetuwuhan kanggo pengobatan kabukti saka tuwuhe buku-buku, artikel, jurnal pengobatan kang isine ngrembug ngenani obat-obat herbal kang bahane saka tetuwuhan. Saliyane iku uga akeh pengobatan alternatif kang nggunakake obat saka tetuwuhan. Obat herbal ing jaman biyen nganti saiki saya suwi saya ngrembaka ing urip bebrayan. Asile saka panliten iki ngandharake ngenani analisis Nawaruci, nilai budaya sing nduweni sesambungane manungsa karo alam, jinis-jinis tetuwuhan lan sato kewan sarta pemanfaatane. panliten ngandharake lan nganalisis nilai budaya sing nduweni sesambungane manungsa karo lingkungan alam yaiku nilai keseimbangan sing ana sesambungane karo manfaatake sumber daya alam. Panliten nyebutake jinis-jinis tetwuhan lan sato kewan kang ana ing serat kasebut. Jinis tetuwuhan kang ana ing serat kasebut yaiku jinis woh-wohan, jinis wit-witan, jinis kembang, jinis suket lsp, jinis sato kewan uga ake jinise yaiku jinis kewan kang manggon ing alas, jinis kewan kang urip ing banyu, jinis manuk, lan Jinis sato iwen. Kabeh jinis tetwuhuan lan sato kewan kasebut banjur dijlentrehna ngenani manfaat lan fungsine. Tembung wigati : tetuwuhan lan sato kewan
Copyrights © 2016