Jurnal Online Baradha
Vol 16 No 7 (2020)

MAKSIM KERJASAMA SAJRONE BASA HUMOR ING AKUN YOUTUBE DAGELAN JOWO

Divia Okta Wahyuningsih (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)
Surana Surana (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)



Article Info

Publish Date
14 Aug 2020

Abstract

Abstrak Maksim kerjasama sajrone Dagelan Jowo kalebu panliten kang nggunakake tintingan pragmatik. Basa humor sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube iki ngandharake informasi kang lagi rame ing masyarakat. Undheran panliten, yaiku (1) apa wae wujud maksim kerjasama kang digunakake sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, (2) kapriye penyimpangan maksim kerjasama kang digunakake sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, lan (3) kepriye fungsi basa humor sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube. Tujuwan saka panliten iki, yaiku (1) ngandharake wujud maksim kerjasama kang digunakake sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, (2) ngandharake wujud penyimpangan maksim kerjasama ing Dagelan Jowo, lan (3) ngandharake fungsi basa humor sajrone Dagelan Jowo. Landhesan tintingan panliten iki yaiku nggunakake konsep prinsip kerjasama panemune Grice. Dene konsep fungsi basa humor nggunakake teori panemune Fishman. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif. Dhata ing panliten kasebut kajupuk saka apa kang diandharake dening paraga sajrone video Dagelan Jowo. Cara nglumpukake dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara nyemak banjur dicathet. Adhedhasar andharan ing panliten iki yaiku (1) wujud maksim kerjasama sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube kang ngemot maksim kuantitas, maksim kualitas, maksim relevan, lan maksim pelaksanaan, (2) wujud penyimpangan maksim kerjasama sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, (3) fungsi basa humor keperang dadi fungsi kanggo nglakoni sakabehane pepenginan, tujuwan, panemu, lan pesen, fungsi kanggo nyadharake pawongan yen dheweke ora mesthi bener, fungsi kanggo pamulangan tumrap pawongan kanggo ndeleng prakara saka sudhut ngendi wae, fungsi kanggo sarana hiburan, fungsi kanggo nglancarake pamikiran, fungsi kanggo njalari pawongan supaya gampang anggene toleransi marang samubarang, fungsi aknggo njalari pawongan supaya bisa ngerteni prakara pelik. Tembung wigati: maksim kerjasama, humor, Dagelan Jowo

Copyrights © 2020






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...