Jurnal Online Baradha
Vol 16 No 7 (2020)

KOHESI LAN KOHERENSI SAJRONE RUBRIK SARIWARTA ING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDHISI FEBRUARI-APRIL 2019

Hendyta Agustino (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)
Surana Surana (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)



Article Info

Publish Date
18 Aug 2020

Abstract

Abstrak Wacana kang apik yaiku wacana sing kudu nggatekake sesambungan antarukara. Bab iki mesthi kudu digatekake kanggo njaga sesambungane lan runtutane ukara. Selaras karo panemu yen basa iku ana bentuk (form) lan makna (meaning), sambungan sajrone wacana bisa dibedakake dadi rong jinis yaiku sambungan bentuk sing diarani kohesi, lan sambungan makna utawa sambungan semantis sing diarani koherensi. Kohesi lan koherensi nduweni peran sing wigati kanggo mujudake wutuhing wacan lan nylarasake wacana. Punjere panliten yaiku kepriye wujud kohesi sajrone rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat lan kepriye wujud koherensi sajrone rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat. Merga saka kuwi, panaliten iki nduweni ancas kanggo ndeskripsi jinis kohesi lan koherensi jroning rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat edhisi Februari-April 2020. Panliten iki nggunakake pendekatan teoretis arupa pendekatan analisis wacana lan pendekatan metodologis arupa pendekatan dheskriptif kualitatif. Wujud dhata ing panliten iki yaiku pethikan ukara utawa saperangan ukara sajrone wacana sing dinuga ngandhut kohesi lan koherensi. Sumber data panaliten iki dijupuk saka wacan Sariwarta sing ana ing rubrik sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat edhisi Februari-April 2020. Tata cara nglumpukake dhata kanthi goleki utawa nyepakake dhata, nganalisis dhata, lan ngandharake asil dhata panliten. Asil panliten sing ditemokake ana papat jinis kohesi gramatikal lan telu jinis kohesi leksikal. Papat jinis kohesi gramatikal kasebut yaiku penunjuk (panuduh), penggantian (sesulih purusa, kiltika-e), pelesapan, lan perangkaian (pangiket). Dene kohesi leksikal kasebut yaiku repetisi, sinonimi (dasanama), lan antonimi (kosok balen). Miturut panliten uga ditemokake pitu jinis koherensi, yaiku koherensi panambahan, perlawanan, penekanan, perturutan, sebab-akibat, wektu, lan panjlentrehan. Asil panliten iki uga bisa dimangerteni yen akeh banget sarana kohesi lan koherensi ing kalawarti Panjebar Semangat mligine rubrik Sariwarta. Tembung wigati: kohesi, koherensi, lan wacana pawarta.

Copyrights © 2020






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...