Jurnal Online Baradha
Vol 17 No 3 (2021)

BASA HUMOR SAJRONE AKUN MEDHIA SOSIAL KETAWA.COM (TINTINGAN PRAGMATIK)

surana surana (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)
Dinda ayu maulidiya (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)



Article Info

Publish Date
12 Jul 2021

Abstract

Basa minangka piranti kanggo komunikasi sosial asring digunakake kanggo objek panliten kanthi macem-macem tintingan lan pendekatan. Khususe ing panliten iki wigati kanggo ditliti amarga isih during akeh kang nliti ngenani basa humor sajrone medhia sosial. Panliten iki nggunakake tintingan pragmatic, lan methode deskrtiptif kualitatif, yaiku panliten kang ngandharake dhata kanthi deskripsi lan apa anane. Sumber dhata panliten iki saka postingan medhia sosial ketawa.com, dhata ing kene awujud tetembungan, lan ukara kang wis ditulis lan wis digolongake. Tujuwan saka panliten iki yaiku ngandharake (1) unsur pambangun humor sajrone medhia sosial ketaw.com, (2) penyimpangan prinsip Kerjasama lan penyimpangan prinsip kesopanan sajrone medhia sosial ketawa.com. Asil saka panliten iki yaiku ditemokake anane aspek fonologis kabasan kang dadi pambangun humor yaiku parikan, lan singkatan. Kapindho anane Penyimpangan prinsip Kerjasama ana 3, yaiku penyimpangan maksim kuantitas, penyimpangan maksim Kerjasama, penyimpangan maksim pelaksanaan. Penyimpangan prinsip kesopanan ana 3, yaiku penyimpangan maksim kebijaksanaan, penyimpangan maksim penerimaan, penyimpangan maksim kecocokan. Tembung wigati: Basa humor, pragmatik, ketawa.com

Copyrights © 2021






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...