Jurnal Online Baradha
Vol 16 No 7 (2020)

SENI JARANAN THÉK ING DESA SAMBIT KABUPATEN PONOROGO (TINTINGAN FOLKLOR)

Erika Nindy Damayanti (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)
Surana Surana (UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA)



Article Info

Publish Date
30 Jul 2021

Abstract

Folklor iku kalebu ana ing perangane kabudayan.Folklor yaiku salah sawijine perangan saka kabudayan koletif kang sumebar, ngrembaka lan diwarisake kanthi cara tradisional yaiku kanthi gethuk tular (turun-temurun).Folklor iku kaperang dadi telu jinis yaiku folklor lisan, folklor setengah lisan, lan folklor ora lisan. Panliten iki kalebu ana ing jinis folklor ora lisan amarga dijlentrehake kanthi nggunakake cara tuladha (praktek) lan dijangkepi gerak isyarat (tari). Panliten kanthi irah-irahan Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo bakal didhudhah kanthi nggunakake tintingan folklor. Underan panliten kang bakal di dudhah yaiku (1) Kepriye mula bukane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo? (2) Kepriye pangribawane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo tumrap pelestarian cagar budaya lan kahanan ekonomi masyarakat? (3) Kepriye mitos kang ana ing sajrone Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo? (4) Kepriye fungsi Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo?. Tujuwan panliten, yaiku (1) Ngandharake mula bukane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo. (2) Ngandharake pangribawane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo tumrap pelestarian cagar budaya lan kahanan ekonomi masyarakat. (3) Ngandharake mitos kang ana ing sajrone Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo. (4) Ngandharake fungsi Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo. Metode kang digunakake kanggo panliten yaiku metode deskriptif kanthi nggunakake pendekatan kualitatif. Sumber data kang digunakake anggone panliten iki yaiku asile wawancara, rekaman swara, foto lan video. Kata Kunci: Folklor, Kabudayan, Seni Jaranan Thék Ponorogo Folklor iku kalebu ana ing perangane kabudayan.Folklor yaiku salah sawijine perangan saka kabudayan koletif kang sumebar, ngrembaka lan diwarisake kanthi cara tradisional yaiku kanthi gethuk tular (turun-temurun).Folklor iku kaperang dadi telu jinis yaiku folklor lisan, folklor setengah lisan, lan folklor ora lisan. Panliten iki kalebu ana ing jinis folklor ora lisan amarga dijlentrehake kanthi nggunakake cara tuladha (praktek) lan dijangkepi gerak isyarat (tari). Panliten kanthi irah-irahan Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo bakal didhudhah kanthi nggunakake tintingan folklor. Underan panliten kang bakal di dudhah yaiku (1) Kepriye mula bukane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo? (2) Kepriye pangribawane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo tumrap pelestarian cagar budaya lan kahanan ekonomi masyarakat? (3) Kepriye mitos kang ana ing sajrone Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo? (4) Kepriye fungsi Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo?. Tujuwan panliten, yaiku (1) Ngandharake mula bukane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo. (2) Ngandharake pangribawane Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo tumrap pelestarian cagar budaya lan kahanan ekonomi masyarakat. (3) Ngandharake mitos kang ana ing sajrone Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo. (4) Ngandharake fungsi Seni Jaranan Thék ing Desa Sambit Kabupaten Ponorogo. Metode kang digunakake kanggo panliten yaiku metode deskriptif kanthi nggunakake pendekatan kualitatif. Sumber data kang digunakake anggone panliten iki yaiku asile wawancara, rekaman swara, foto lan video. Kata Kunci: Folklor, Kabudayan, Seni Jaranan Thék Ponorogo

Copyrights © 2020






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...