ADITYA - Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Vol 2, No 1 (2013): ADITYA

UPAYA PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS PARAGRAF DESKRIPSI BERBAHASA JAWA DENGAN MEDIA GAMBAR

Nur Asiyah (Universitas Muhammadiyah Purworejo)



Article Info

Publish Date
01 May 2013

Abstract

Asiyah, Nur. “Upaya Peningkatan Keterampilan Menulis Paragraf Deskripsi Berbahasa Jawa dengan Media Gambar pada Siswa Kelas XI TKR. D SMK Muhammadiyah Kutowinangun Kebumen Tahun Ajaran 2012/ 2013”. Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2013. Perkawis ingkang badhe dipunteliti wonten panaliten inggih punika: 1) lampahipun pasinaon nyerat paragraf deskripsi ngangge basa Jawa kaliyan media gambar dhuateng para siswa kelas XI TKR. D SMK Muhammadiyah Kutowinangun Kebumen, kaliyan 2) kadospundi ngindhakipun kawegikan nyerat paragraf deskripsi ngangge basa Jawa kaliyan media gambar dhateng para siswa kelas XI TKR. D SMK Muhammadiyah Kutowinangun Kebumen. Teori ingkang dados dhasar wonten panaliten inggihpunika: 1) teori saking Tarigan (2008: 22), nulis inggih punika ngandhapaken utawi nyerat lambang-lambang grafik ingkang gambaraken salah setunggaling basa ingkang dipunginakaken dhening tiyang, satemah tiyang sanesipun saged mangertosi basa kaliyan lambang grafik, 2) teori saking Wiyanto (2006: 59-68), paragraf deskripsi inggih punika paragraf ingkang gadhah tujuan maringi kesan kangge pamaos dhening objek, ide, panggenan, prastawa, kaliyan sapanunggalanipun ingkang dipun wedharaken dening panyerat, 3) teori saking sadiman dkk (1984: 29) piranti gambar inggih punika piranti ingkang paling umum dipun ginakaken. Subjek panaliten siswa kelas XI TKR. D SMK Muhammadiyah Kutowinangun Kebumen saking jumlah siswa 38. Objek panaliten inggih punika kaprigelan nyerat paragraf deskripsi siswa. Panaliten tindakan kelas dipun lampahi tiga tahap, inggih punika prasiklus, siklus I kaliyansiklus II. Instrumen panaliten yaiku tes kaliyan nontes. Saking hasil panaliten dipun mangertosi: 1) lampahipun pasinaonan ngginakaken piranti gambar kangge mindhakaken kawegikkan nulis paragraf deskripsi ngginakaken bahasa Jawa,2) mindhakipun kawegikkan nyerat paragraf deskripsi ngginakaken basa Jawa kaliyan piranti gambar saking pra siklus, siklus I ,kaliyan siklus II. Mindhakipunnilai rata-rata saking pra siklus 56,21 tumuju siklus I 70,91, inggih menika 14,7, lan siklus I 70,91 tumuju siklus II 78,21, inggih menika 7,3. ngindhakipun ketuntasan saking pra siklus 10,52%, siklus I 54,05%, kaliyan siklus II 92,10%. Ngindhakipun saking pra siklus ngantos siklus I 43,53%, saking siklus I ngantos siklus II 38,05%.  

Copyrights © 2013






Journal Info

Abbrev

aditya

Publisher

Subject

Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

Jurnal ADITYA adalah jurnal yang diterbitkan oleh Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa FKIP Universitas Muhammadiyah Purworejo sebagai media publikasi hasil karya ilmiah. Terbit dua kali setahun tiap bulan November dan Mei. Redaksi menerima artikel dari kalangan mahasiswa, budayawan, ...