Jurnal Online Baradha
Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017

Basa Humor Sajrone Kaos Cak Cuk Surabaya (Tintingan Pragmatik)1BASA HUMOR SAJRONE KAOS CAK CUK SURABAYA(Tintingan Pragmatik)

PUTRI NOVITA SARI (Unknown)



Article Info

Publish Date
25 Jul 2017

Abstract

Basa humor sajrone kaos Cak Cuk Surabaya kalebu sawijining panliten kang nggunakake kajian pragmatik. Kaos bisa dadi sawijining medhia kanggo ngandharake pesan kang asipat kritik kaya d ene awujud sindiran marang pamarentah bab lokalisasi dolly, korupsi, lan saperangan organisasi Nasional . Panliten iki nggunakake panliten dheskriptif . Dhata sajrone panliten iki arupa wacana kaos Cak Cuk kang ngandhut unsur humor. Cara ngumpulake dhata ing panliten iki yaiku kanthi nggunakake metodhe nyemak, sawise kuwi kanthi cara nyatet. Dhata sing wis dikumpulake banjur diperang maneh dadi rumusan masalah, sawise kuwi dianalisis . Adhedasar andharan asile panliten ngenani basa humor kaos Cak Cuk Surabaya bisa kadudhut: (1) unsur pambangun humor adhedasar aspek kabasan diperang dadi telu yaiku aspek fonologis, aspek morfologis, lan aspek semantik , (2) penyimpangan prinsip kesopanan tumrap basa humor kaos Cak Cuk Surabaya kaperang dadi penyimpangan maksim ke bijaksanaan , penyimpangan maksim kemurahan , penyimpangan maksim penerimaan , penyimpangan maksim kerendahan hati , penyimpangan maksim kecocokan , penyimpangan maksim kesimpatian , lan (3) fungsi humor kaos Cak Cuk Surabaya kang kaperang dadi fungsi komunikat if , fungsi hiburan, fungsi kritik sosial, fungsi kreatif, fungsi eufimisme, lan fungsi estetis. Tembung wigati: basa, humor, kaos Cak Cuk

Copyrights © 2016






Journal Info

Abbrev

baradha

Publisher

Subject

Arts Humanities Education Languange, Linguistic, Communication & Media

Description

JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published ...