cover
Contact Name
Respati Retno Utami
Contact Email
respatiutami@unesa.ac.id
Phone
+6285736709270
Journal Mail Official
jurnalbaradha@unesa.ac.id
Editorial Address
Jl Lidah Wetan, Lidah wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kota Surabaya, Jawa Timur 60213
Location
Kota surabaya,
Jawa timur
INDONESIA
Jurnal Online Baradha
ISSN : -     EISSN : 22525777     DOI : https://doi.org/10.26740/job.v17n1
JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published twice a year, namely in June and November. JOB (Jurnal Online Baradha) has an International Standard Serial Number (ISSN) in both print and electronic versions, e-ISSN 2252-5777 (electronic version). Focus and Scope JOB (Jurnal Online Baradha) is a scholarly journal that presents literature, culture and local wisdom, linguistics, and Javanese philology or manuscripts and javanese language teaching, including: Javanese language education Javanese tradition Javanese folklore Javanese art Javanese literary criticism Javanese morphology Javanese semantics Javanese philology
Arjuna Subject : Umum - Umum
Articles 383 Documents
WUJUD METAFORIS SAJRONE KUMPULANGEGURITANBOCAH CILIK DIUBER SRENGENGEANGGITANEWIDODOBASUKI YOGA ANGGORINA KUKUH K.
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (261.275 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Wujud Metaforis Sajrone Kumpulan Geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge 1 W UJUD METAFORIS SAJRONE KUMPULAN GEGURITAN BOCAH CILIK DIUBER SRENGENGE ANGGITANE WIDODO BASUKI Yoga Anggorina Kukuh Kurniawan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya ( yogaanggorina@gmail.com ) Darni Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah FBS Universitas Negeri Surabaya Abstrak Saben panggurit ndhuweni tata cara lan kekhasan dhewe - dhewe anggone medharake gagasane. Kabeh mau gumantung saka asil kreativitas anggone olah basa. Widodo Basuki minangka panggurit kang produktif, wis kasil ngripta guritan - guritan kanthi cara metafora kan g khas, yaiku kanthi cara inkonvensional. Ancase panliten iki ing antarane, ngandharake wujude makna metaforis kang durung umum (inkonvensional) sajrone sesambungane (1) manungsa lan Gusti, (2) manungsa lan manungsa, (3) manungsa lan lingkungan, lan (4) ma nungsa lan kapribadene ing kumpulan geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge anggitane Widodo Basuki. Paedahe panliten iki, bisa mundhakake kawruh ngenani karya sastra Jawa mligine guritan, sarta menehi sumbang sih tumrap pangrembakaning teori kasusastran Ja wa. Panliten iki kagolong panliten kuwalitatif kang ngandharake babagan kang gegayutan kalawan makna metaforis kanthi nggunakake tintingan stilistika. Data panliten iki yaiku guritan - guritan ing kumpulan geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge anggitane Wid odo Basuki kang ngemu perkara sesambungane manungsa kang diwedharake kanthi cara metafora. Guritan kang kapilih banjur dionceki siji mbaka siji adhedhasar sesambungane manungsa lan nggunkake metafora inkonvensional, yaiku metafora kang durung umum. Anane n ggunakake metafora inkonvensional supaya bisa mangerteni ke - khas - an kang diduweni dening Widodo Basuki minangka panggurit. Sajrone Kumpulan Geguritan Bocah Cilik Diuber Srengenge, Widodo Basuki luwih akeh nerangake sesambungane manungsa lan Gusti, tinimban g sesambungane manungsa lan liyane. Anggone medhar guritan - guritane mau, Widodo Basuki akeh - akeh nggunakake metafora inkonvensional kang nuwuhake makna anyar utawa teges entar. Lumantar pamilihing tembung lan pangrakite tembung kang kebak kalawan pepaesang basa kang ora umum, uga kebak kalawan lelewane basa kang tansah ngrenggani sajrone guritane, pranyata saya nambahi kaendahan tumrap karya - karyane kang awujud guritan iku mau. Tembung Wigati: metaforis inkonvensional, sesambungane manungsa.
OWAH-OWAHANE KESENIAN REYOG ING DESA KAUMAN JALARAN PANGARIBAWA AJARANISLAMTINTINGAN FOLKLOR ANUGRAH PUTRI JUNIARTI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (618.569 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Desa Kauman minangka desa kang ana ing Kecamatan Kauman Kabupaten Ponorogo. Desa Kauman minangka Desa kang misuwur amarga akeh paguyuban reyog. Saliyane kuwi, Desa Kauman kang sesandhingan karo Desa Sumoroto minangka papan du mununge kerajaan Wengker ing jaman biyen, mula reyog ing Desa Kauman minangka harta kang diuri - uri nganti saiki. akeh paguyuban kang wis ninggalake tradhisi sajrone kesenian reyog, nanging ing Desa Kauman kesenian reyog asli isih diuri - uri nanging ora uwal saka ajaran Islam kang dianut dening mayoritas bebrayan Desa Kauman. Leandhesan mau nuwuhhake underan panliten kang gegayutan karo kesenian reyog kasebut. Bab kang dadi undering panliten, yaiku (1) kepriye gegambarane Desa Kauman, (2) carita mula bukane k esenian reyog, (3) kepriye wujud kesenian Reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki, (4) Kepriye tata laku kesenian Reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki, (5) Apa wae unsur Islam sajrone kesenian Reyog ing Desa Kauman. Adhedhasar underan panliten k asebut, bisa dimangerteni tujuwane panliten iki yaiku (1) Njlentrehake gegambarane Desa Kauman, (2) Njlentrehake mcarita mula bukane kesenian reyog ponorogo, (3) Njlentrehake wujud kesenian reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki biyen lan saiki, (4) Njlentrehake tata lakune kesenian reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki, (5) Njlentrehake owah - owahane kesenian reyog ing desa kauman jalaran pangaribawa ajaran islam (tintingan folklor) . Dene paedah saka panliten iki yaiku kaajab bisa dadi sumbangsi h kanggo piwulangan folklor lan kesenian dhaerah, kanggo nambah kawruh ngenani nilai budaya lan ajaran islam sajrone kesenian reyog ponorogo ing Desa Kauman, kanggo referensi panliten sabanjure kang nliti folklor lan kesenian dhaerah, bisa digunakake minan gka koleksi dokumentasi kesenian Reyog kanggo Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Ponorogo. Kanggo nggayuh tujuwan panliten, panliti nggunakake maneka warna teori lan konsep. Kanggo nemtokake kesenian reyog ponorogo ing Desa Kauman digunakake teori folklor andharane Dananjaja. Kanggo ngandharake ngenani owah - owahane nggunake konsep owah - owahane kabudayan dening Koentjaraningrat. Dene kanggo ngudhari ngenani pangaribawane Islam sajrone kesenian reyog ing Desa Kauman digunakake teori Akulturasi dening J. Powel lan konsep ajaran Islam. Konsep makna simbolis Herusatoto kanggo nemtokake makna filosofis sajrone tata laku lan uba rampe ing tradhisi upacara sadurunge pentas Reyog. Panliten iki nggunakake ancangan deskriptif kualitatif komparatif . Teknik ngump ulake dhata kang digunakake yaiku observasi, wawancara, lan dhokumentasi. Tata carane ngolah lan nganalisis dhata yaiku nindakake transkrip dhata, nggolongake lan nyocogake dhata karo panliten, ngandharake dhata adhedhasar undering panliten, lan menehi dud utan saka asile panliten. Asile panliten iki diperang dadi papat adhedhasar undheran panliten. Kapisan gegmabrane Desa Kauman kang isine ngenani letak geografis, system pamarintahan, cacah pendhudhuk adhedhasar jinis kelamin, agama lan system pangupajiwa. Kaloro, carita ngenani raden batoro katong lan ki ageng kutu sarta carita prabu klana lan dewi songgolangit minangka carita mula bukane kesenian reyog ponorogo kang misuwur ing ponorogo mligine Desa Kauman. Katelu, wujud kesenian reyog ing Desa Kauman jama n biyen dipangaribawani dening agama hindu budha, dene wujud kesenian reyog ing Desa Kauman jaman saiki luwih islami. Kapapat, tata laku sajrone kesenian reyog ing Desa Kauman jaman biyen lan saiki ing perangan tata laku lan ubarampe padha kang mbedakake yaiku niyat, samubarang kang dituju lan dongane. Kalima, owah - owahane reyog ing Desa Kauman kang dijalari ajaran Islam ana ing paraga lan pamaragane, piranti kesenian kang digunakake, lan donga.
HEGEMONI SAJRONE NOVEL SAPECAK BUMI SING KOBONG ANGGITANE HAZTINZAINA(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA) DESITA DEWI INDRASWARI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (220.204 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Novel Sapecak Bumi Sing Kobong anggitane Haztin Zaina nyritakake ngenani perjuwangane bangsa Indonesia sing dijajah Walanda. Maneka warna konflik lan intrik tuwuh ing antarane paraga siji lan sij ine saengga njalari anane praktek hegemoni. Underane panliten iki yaiku (1) Kepriye sesambungan antarane paraga siji lan paraga liyane ; (2) Kepriye gegambarane konflik - konflik kang nuwuhake hegemoni ; lan (3) Kepriye wujude hegemoni sajrone novel Sapecak B umi Sing Kobong . Ancase panliten yaiku (1) Njlentrehake sesambungan antarane paraga siji lan paraga liyane ; (2) Njlentrehake gegambarane konflik - konflik ; (3) Njlentrehake wujude hegemoni sajrone novel Sapecak Bumi Sing Kobong . Paedahe panliten yaiku ngremb akake panliten sastra, nambahi kawruh tumrap pamaos , bahan ajar piwulang sastra, lan bisa didadekake bahan rujukan kanggo panliti sabanjure. Panliten iki kalebu panliten kualitatif sing nggunakake teori sosiologi sastra. M etodhe sing digunakake yaiku deskr iptif analitik , dhata arupa tetembungan, ukara lan wacana saka dhata sing arep diandharake. Sumber dhatane arupa novel Sapecak Bumi Sing Kobon g . Teknik pangumpulan dhata ng gunakake teknik kapustakan. Asile panliten bisa diperang dadi telu. Kapisan, ngandh arake ngenani sesambungan antarane paraga siji lan paraga liyane sing bisa diperang dadi enem yaiku sesambungan pacangan kekasih, sesambungan antarane wong bebojoan, sesambungan antarane ibu lan anak, sesambungan antarane republik lan masyarakat biyasa, se sambungan antarane republik lan antheke Landa, banjur kang pungkasan sesambungan antarane pamimpin lan antheke. Kaloro, ngandharake konflik - konflik kang ana sajrone crita sing diperang dadi lima yaiku, beda pamikira n , beda tujuwan, rebutan ganjaran, rebuta n kakuwasan, dendam, lan rebutan tresna. Katelu, ngandharake wujud hegemoni kang ana sajrone crita. Hegemoni kasebut yaiku hegemoni supaya manut marang sawijine prentah, hegemoni supaya manut marang sawijine pamikiran, lan hegemoni kanggo njlomprongake (bh s.Indonesia: menjebak). Tembung wigati: konflik, h egemoni, sosiologi sastra
PENGEMBANGAN MEDHIA ANIMASI FLASH TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITARAKYAT SISWA KELAS VII SMPN 2 WLINGI, BLITAR TAUN 2015/2016 AYU SRI AMBARWATI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (530.343 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Kawasisan basa sajrone pendhidhikan kudu disinaoni, salah sijine kawasisan basa yaiku kawasisan nyemak. Kawasisan nyemak sajrone pasinaon basa Jawa ana ing materi nyemak crita rakyat kanggo kelas VII SMP. Ing SMPN 2 Wli ngi, Blitar pamulangan kawasisan nyemak crita rakyat butuh dikembangake. Adhedhasar angket kebutuhan siswa nuduhake asil rata - rata angket kebutuhan siswa saka 3 sampel 2,45 kagolong kurang njangkepi kompetensi, saengga dibutuhake pengembangan medhia pasina on. Medhia animasi flash minangka medhia kang trep karo karakteristik siswa sajrone analisis angket kebutuhan siswa. Underan panliten iki ana telu yaiku (1) k epriye p e ngembangan medhia animasi flash (2) k epriye asile uji coba kelayakan medhia animasi flash tumrap kawasisan nyemak crita rakyat ing kelas eksperimen (3) k epriye tanggapane siswa kelas VII SMPN 2 Wlingi, Blitar. Ancase panliten iki yaiku (1) ngandharake asil p e ngembangan medhia animasi flash , (2) ngandharake asil uji coba kelayakan medhia animas i flash tumrap kawasisan nyemak crita rakyat ing kelas eksperimen, (3) ngandharake tanggapane siswa kelas VII SMPN 2 Wlingi, Blitar. Panliten iki ditindakake kanggo ngasilake prodhuk yaiku medhia animasi flash, banjur diuji kelayakane. Langkah pengembangan medhia nggunakake konsep Sugiyono yaiku nganalisis kebutuhan siswa, nglumpukake dhata kanggo isi medhia, desain prod h uk, pangetrapan desain, validasi medhia , revisi medhia, uji coba prodhuk , revisi , lan prodhuksi. Populasi ing panliten iki siswa kelas VII SMPN 2 Wlingi, Blitar taun 2015/2016. Sampel kang nggunakake teknik sampling purposive ing panliten eksperimen iki ana telu yaiku kelas VII A kelas kontrol, kelas VII E kelas eksperimen, lan kelas VII I kelas uji instrumen. Ing proses pengembangan medhia, desain medhia kang wis ditrepake banjur divalidasi . Asil validasi medhia antuk 66,8% kagolong apik. Asil validasi materi antuk 83% kagolong apik banget. R eliabilitas instrumen ing kelas uji instrumen dinyatakake reliabe l antuk asil 0,425 , instrumen layak digunakake. Asil pasinaon pretes t - posttest siswa saka pangetungan t itung kelas eksperimen 5,19 > t tabel (0,05, db=31) =2,04. Pambandhing biji pretes t - posttest kelas eksperimen lan kelas kontrol t itung = 2,11 > t tabel =2,00. A sil biji afektif kelas eksperimen lan kontrol yaiku 90,62 % lan 83,33%. Pambeda antarane kelas eksperimen lan kelas kontrol yaiku t tes 2,11 > t tabel 2,00. D hata asil pasinaon siswa kasebut nuduhake yen medhia layak digunakake. Tanggapan siswa tumrap panganggone medhia animasi flash apik. Asil angket respon siswa kelas VII I kelas uji instrumen antuk 79,78% kagolong apik. Asil angket respon siswa kelas VII E kelas eksperimen antuk 79,53% kagolong apik. Dadi bisa didudut yen panli ten iki nrima hipotesis pengembangan medhia animasi flash mangaribawani undhaking kawasisan nyemak crita rakyat. Kata Kunci : Pengembangan, Medhia Animasi Flash , Kawasisan Nyemak Crita Rakyat.
PANGARIBAWANE MEDHIAVIDHEO ANIMASI TUMRAP KAWASISAN NULIS GURITANSISWA KELAS VII SMP NEGERI 1 SUKORAMETAUN PIWULANGAN2015-2016 UMMI MAHMUDAH
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (631.288 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Siswa nindakake proses pasinaon lan ngembangake katrampilan basa kang diduweni, kayata katrampilan nulis. Salah sawijine yaiku nggunakake medhia vidheo animasi kanggo mulang supaya sisw a ora bosen, sarta bisa ngrembakake idhe lan nggampangake siswa jalaran medhia kasebut bisa dadi pathokan anggone nulis guritan. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, mula underan panliten iki yaiku, (1) kepriye asile pasinaon nulis guritan tanpa nggunakake vid heo animasi tumrap siswa, (2) kepriye asile pasinaon nulis guritan nggunakake vidheo animasi tumrap siswa, (3) kepriye pangaribawane medhia vidheo animasi sajrone pasinaon nulis guritan kanggone siswa, (4) kepriye proses pasinaon nulis guritan nggunakake m edhia vidheo animasi, lan (5) kepriye respon siswa sajrone proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi. Tujuwan panliten iki, yaiku (1) ngandharake undhake pasinaon nulis guritan tanpa nggunakake medhia vidheo animasi tumrap siswa, (2) n gandharake undhake pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi tumrap siswa, (3) ngandharake pangaribawane medhia vidheo animasi sajrone pasinaon nulis guritan kanggone siswa, (4) ngandharake proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidh eo animasi, lan (5) ngandharake respon siswa sajrone pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi. Paedah saka panliten iki, yaiku (1) kanggo siswa, bisa menehi motivasi lan nggampangake siswa sinau basa Jawa, (2) kanggo guru, bisa mbiyantu guru ngandharake pasinaon, (3) kanggo sekolah, bisa ngundhakake mutu lan kuwalitas sekolah lan pendhidhikan, lan (4) kanggo panliti, bisa nambah wawasan lan kawruh sarta bisa didadekake panliten sabanjure. Panliten iki nduweni konsep, yaiku medhia vidheo anima si, nulis, guritan. panliten iki nggunakake metodhe eksperimen Quisi Experimental Design kanthi disain panliten Control Pre - test - Post - test group design . Sampel kang digunakake yaiku kelas kontrol (VII - C) lan kelas eksperimen (VII - A). Panliten iki ditindaka ke dening panliti kaping pindho yaiku panliten 1 lan panliten 2. Adhedhasar panliten 1 lan 2 kang wis ditindakake kelas kontrol minangka kelas kang tanpa nggunakake medhia vidheo animasi ora ana pambeda kang signifikan nalika nindakake pre - test lan post - te st . Adhedhasar pangitungan t - signifikansi efektifitas pamulangan ing panliten 1 lan 2, panliten 1 nuduhake t itung = 0,91< t tabel =1,692, dene efektitas pamulangan panliten 2, yaiku t itung = 1,683 < t tabel =1,692. Adhedhasar asil panliten 1 lan 2 kasebut b isa dingerteni yen panliten kasebut ora signifikan. Panliten ing kelas eksperimen yaiku kelas kang nggunakake medhia vidheo animasi uga ditindakake kaping pindho yaiku panliten 1 lan panliten 2. Ana pambeda kang signifikan nalika nindakake pre - test lan pos t - test. Asil pangitungan t - signifikansi efektifitas pamulangan ing panliten 1 nuduhake t itung = 4,02 >t tabel =1,692, dene efektitas pamulangan panliten 2, yaiku t itung = 7,35 > >t tabel =1,692. Asil panliten kang diitung nggunakake uji t ngasilake t itung = 2,42 >1,997 t tabel (0,05 kanthi db = 34+34 - 2= 66) ing panliten 1 lan ing panliten 2 uji t ngasilake t itung = 2,82> 1,997 t tabel (0,05 kanthi db = 34+34 - 2= 66). Mula bisa diweruhi yen H o ditolak lan H a ditampa ateges ana pambeda kang signifikan antarane kel as kontrol kang ora nggunakake medhia vidheo animasi lan kelas eksperimen kang nggunakake medhia vidheo animasi. Proses pasinaon nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi ana aktivitas guru lan siswa. Adhedhasar asil pengamatan kang ditindakake dening panliti ing panliten kapisan ing kelas kontrol lan kelas eksperimen kang nuduhake yen rata - rata bijine 83, tegese kagiyatan mau ditindakake kanthi apik. Asil pengamatan kang kapindho nuduhake yen rata - rata bijine 85, tegese kagiyatan mau ditindakake kanth i apik. Adhedhasar angket kang diwenehake dening guru marang siswa nuduhake yen ana respon kang positif kabukti saka presentase jawaban saka soal 85% siswa sarujuk banget yen nulis guritan nggunakake medhia vidheo animasi kuwi bab kang anyar, lan ana 15% s iswa kang uga sarujuk. 15% siswa sarujuk banget yen medhia kang dinggo nduweni paedah, ana 85% siswa kang sarujuk. Medhia vidheo animasi nduweni pangaribawa kang signifikan antarane kelas tanpa nggunakake medhia vidheo animasi (VII - C), lan kelas kang nggu nakake medhia vidheo animasi (VII - A). Tembung Wigati : vidheo animasi, kawasisan, nulis guritan,
KOHESIKONJUNGTIFSAJRONERUBRIKKASARASANING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGATEDHISIOKTOBER NGANTI DESEMBER TAUN 2015 RANI KUSUMA ASTUTI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (468.992 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Panganggone konjungsi sajrone rubrik kasarasan nduweni sesambungan karo proses pengembangan gagasan sajrone kagiyatan ngarang, mligine sajrone ngandharake ukara. Kamangka kanggo mujuda ke keserasian lan keterkaitan antarunsur basa supaya pesan kang ana ing njerone bisa dipahami dening pamaca, dibutuhake konjungsi . Underan panliten ana 2 yaiku kepriye wujude lan panganggone konjungsi antara ukara siji karo ukara liyane sajrone rubrik Kas arasan? Tujuwane yaiku ngandharake wujude lan panganggone konjungsi antar a ukara siji karo ukara liyane. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif . Banjur tata cara nglumpukake dhata kanthi nggunakake metode simak kanthi maca sumber dhata lan ny athet dhata sing tinemu. Undhering panliten ngenani wujud lan panganggone konjungsi bakal nggunakake panemune Wedhawati, lkk (2006:609). Asile panliten sing kapisan yaiku wujud - wujude kohesi konjungtif kang awujud sesambu ngan aditif , kausal , kontrastif , la n temporal . Dene asile panliten sing kapindho bab panganggone konjungsi. P anganggone konjungsi aditif nggabungake tembung utawa gatra kang nduweni kalungguhan padha. P anganggone konjungsi kausal nyambungake sawijine sesambungan kang asipat sebab akibat. P a nganggone konjungsi kontrastif nggandheng rong gatra kang ngandharake sawijing kahanan kang kontras. P anganggone konjungsi temporal nyambungake sesambungan kang nduweni gegayutan karo wektu. Tembung wigati: Konjungsi, wujud lan panganggone konjungsi
JEJODHOAN SAJRONE CERBUNGENTING ENTINGANGGITANE A. SOETARNO(TINTINGAN SOSIOLOGI-ANTROPOLOGI) ARUM FARA SINTUNI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (324.019 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Crita sambung Enting Enting anggitane A. Soetarno narik kawigaten kanggo ditliti awit ngandhut bab - bab ngenani jejodhoan. Jejodhoan sajrone cerbung kasebut uga ora bisa uwal saka pa ngaribawane kulawarga lan kapitayan Jawa. Anane perangan kasebut nduduhake yen adat lan tradhisi Jawa tansah diugemi dening bebrayan Jawa. Prakara kasebut cocog yen ditliti kanthi tintingan sosio - antropologi. Panliten iki bakal dadi wangsulan saka underan panliten yaiku: kepriye struktur pamangune cerbung EE, kepriye wujude jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, kepriye pangaribawane kulawarga tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, kepriye pangaribawane kapit ayan Jawa tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat. Ancas panliten iki yaiku: ngandharake struktur pamangune cerbung EE, ngandharake wujude jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, ngandharake pangaribawane kulaw arga tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat, ngandharake pangaribawane kapitayan Jawa tumrap jejodhoan sajrone cerbung EE lan kasunyatan ing masyarakat. Panliten iki kalebu panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digun akake arupa teks cerbung Enting Enting anggitane A.Soetarno lan cacahe 17 seri. Dhata kang digunakake arupa tembung, ukara arupa cecaturan utawa naratif kang nggambarake jejodhoan ing cerbung Enting Enting . Tata cara analisis dhata nggunakake metodhe herme neutika kanthi cara nglumpukake dhata, nglasifikasi dhata, nafsirake dhata kang wis diolehake kanthi andharan. Instrumen korpus dhata dadi srana kanggo nlumpukake dhata. Asile panliten iki yaiku, kang kapisan ngenani tema kang ana yaiku ngenani jejodhoan. Paraga kang nindakake lan mangaribawani jejodhoan yaiku Suntoro, Siska, Suranti, Darmono, Wong tuwane Suranti, Bu Mintro, Mbah Slamet lan Mbah Gonda. Wujud jejodhoan kang ana yaiku milih jodho, nyuwun pangestu, lamaran, nemtokake dina becik, persiapan acar a mantu, ijab kabul lan temu manten. Pangaribawane kulawarga tumrap jejodhoan yaiku nggolekake jodho, paring pangerten kanggo jejodhoan, paring pangestu kanggo jejodhoan. Pangaribawane kapitayan tumrap jejodhoan yaiku percaya marang dhukun lan percaya ilm u petungan. Tembung wigati : jejodhoan
IMPLIKATUR PACATURAN LAN PALANGGARAN MAKSIM KERJASAMA SAJRONETETAKONAN ING GRUP SUMBANGSIH MARETA WAHYUNI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (458.996 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

mplikatur pacaturan lan palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan mujudake salah sawijine elmu pragmatik. Implikatur pacaturan lan palanggar an maksim kerjasama ana sajrone tindak pacaturan langsung utawa ora langsung, ananging uga ana sajrone Grup Sumbangsih. Adhedhasar andharan kasebut underane panliten yaiku: (1) Apa wae jinis implikatur pacaturan sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih, (2) A pa wae jinis palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih. Jumbuh karo underane panliten kasebut, ancase panliten yaiku: (1) Ngandharake apa wae jinis implikatur pacaturan sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih, (2) Ngandharake apa wae jinis palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan ing Grup Sumbangsih. Teori kang digunakake yaiku Teori Yule kang disengkuyung dening teorine Grice. Metodhe panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku pawon gan kang nindakake pacaturan ning Grup Sumbangsih lan dhata kang utama yaiku arupa ukara tetakonan ning Grup Sumbangsih kang kawawas miturut underane panliten. Dhata ing panliten iki dikumpulake kanthi metodhe nyimak, waca, cathet, lan pustaka. Ing babagan analisis data, panliti nggunakake metodhe deskriptif. Asile panliten sing wis ditindakake kanthi nggunakake Grup Sumbangsih tinemu anane jinis implikatur pacaturan lan jinis palanggaran maksim kerjasama sajrone tetakonan. Jinis implikatur pacaturan sin g tinemu yaiku implikatur pacaturan umum lan implikatur pacaturan mligi. Dene jinis implikatur pacaturan umum sing tinemu ing Grup Sumbangsih yaiku implikatur berskala lan implikatur clausal . Banjur implikatur pacaturan mligi sing ditemokake yaiku implikatur premis lan implikatur conclusion . Dene jinis palanggaran maksim kerjasama sing tinemu ing Grup Sumbagsih yaiku palanggaran maksim kualitas, kuantitas, relevansi lan cara. Tembung Wigati : Implikatur Pacaturan, Palanggaran Maksim Kerjasama, Tetakonan
LORO-LORONING ATUNGGIL SAJRONE ANTOLOGI GEGURITANLINTANG INGLANGIT WENGI(NYURASA ASPEK FILOSOFIS LAN PANGGUNANE BASA) SITI FATHIMAH ULFA
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (363.362 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Antologi geguritan Lintang Ing Langit Wengi kalebu sastra Jawa modern kang dianggit dening Ardini Pangastuti. Cacahe geguritan sajrone antologi ana 69 geguritan nggunakake basa Jawa Anyar. Antologi geguritan iki nggunakake tembung - temb ung kang dirakit dening pangripta kanthi premati. Geguritan sajrone antologi akeh kang ngrembug bebener, saengga nyurasa filosofis kang ndadekake penasarane pamaos. Pangripta uga nggunakake basa kang endah kanthi pilihan tembung lan ukara kang trep. Bab ma u ndadekake kawigatene pan ulis kanggo nliti antologi iki. Underane panliten, yaiku: (1) Kepriye aspek filosofise geguritan arupa loro - loroning atunggil?, (2) Kepriye panggunane basa kanggo medharake aspek filsafate panggurit?. Adhedhasar underane panliten kasebut ancase panliten, yaiku: (1) Njlentrehake aspek filosofise geguritan arupa loro - loroning atunggil, (2) Njlentrehake panggunane basa kanggo medharake aspek filsafate panggurit. Filsafat mujudake ilmu ngenani tresna kawicaksanan. Filsafat minangka il mu kearifan kang nanggepi samubarang kang ana ing panguripan (Endraswara, 2012:2). Miturut pamawase Endraswara ilmu filsafat nduweni telung aspek yaiku ontologi, epistemologi, lan aksiologi. Katelu aspek kasebut bakal digunakake kanggo nganalisis objek. Ka nggo nyengkuyung, panliten iki bakal nggoleki prinsip - prinsip panggunane basa kanthi pamarkan stilistik. Teori kang digunakake yaiku teorine Nurgiyantoro, kang ngandharake ilmu kang nyinaoni lelewane basa sawijine karya sastra (Nurgiyantoro, 2013:369). M etodhe panliten kanthi objek antologi geguritan Lintang Ing Langit Wengi iki nggunakake metode deskriptif kualitatif . Sumber dhata panliten yaiku geguritan filosofis kang cacahe ana 24 geguritan. Dhata kang utama yaiku arupa tembung lan frasa sajrone antol ogi geguritan Lintang Ing Langit Wengi. Dhata ing panliten iki diklumpukake kanthi teknik waca, cathet, lan kapustakan. Panliti nganalisis nggunakake metodhe analisis deskriptif kanthi pamarekan filosofis lan stilistik. Isi sajrone antologi geguritan Lint ang Ing Langit Wengi arupa kawicaksanan Jawa kang asipat loro - loroning atunggil. Ngenani reriptane Pengeran ing ndonya kaya dene, mati lan urip, Gusti lan manungsa, bungah lan susah, biyen lan saiki. Panggunane basa ana rong perangan yaiku, kapisan pamilih ing tembung kang ana sajrone panliten iki yaiku titi swara (purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru lumaksita), titi tembung (tembung saroja), lan titi makna (dasanama). Kapindho, lelewane basa kang ana sajrone antologi geguritan LILW yaiku majas perso nifikasi lan pencitraan.
PERJUWANGANE WANITASAJRONENOVELSANJA SANGUTREBELAANGGITANEPENI(TINTINGANFEMINISME) RISSANDA YUNIDA MIHARGANDINI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (1032.672 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni yaiku salah sawijine wujud karya sastra Jawa Modern. Novel Sanja Sngu Trebela nggambarake perjuwangane wanita Jawa kanggo nggayuh hak - hak kanthi adhil minangka wanita. Pramila novel Sanja Sangu T rebela angitane Peni kang bakal digunakake minangka objek panliten. Perjuwangane paraga utama wanita sajrone novel kasebut uga bakal diandharake dening panliten kanthi nggunakake tintingan feminisme. Underane panliten iki yaiku (1) kepriye citrane wanita J awa sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (2) kepriye wujud tumindak ora adhil sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (3) kepriye perjuwangan kang digambarake paraga utama wanita sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni. Sela ras karo underane panliten dimangerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake citrane wanita Jawa sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (2) ngandharake wujud tumindak ora adhil sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni; (3) nga ndharake perjuwangan kang digambarake paraga utama utama sajrone novel Sanja Sangu Trebela anggitane Peni. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo mangerteni sawernane wujud tumindak ora adhil kang disandhang dening paraga utama wanita sajrone novel Sanja Sang u Trebela , sarta nemokake wujud perjuwangane paraga utama wanita. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten yaiku arupa novel Sanja Sangu Trebela . Dhatane panliten yaiku gegambaran panguripan wani ta Jawa kang arupa ukara sajrone novel Sanja Sangu Trebela . Tata cara nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis kanthi tintingan feminisme. Asile panliten iki di perang dhedhasar underane panliten. Sepisan, ngenani citrane wanita Jawa. Citrane wanita Jawa kang digambarake sajrone novel yaiku tradhisi jejodhoan, kurange pendhdhikan, wanita makarya, wanita kuwat, lan wanita kuwasa. Kapindho, yaiku ngenani tumindak di skriminasi tumrap wanita. Tumindak diskriminasi sajrone novel diperang dadi loro yaiku kekerasan lan penelantaran. Pungkasan, yaiku ngenani perjuwangane paraga utama. Perjuwangan paraga utama diperang dadi loro yaiku perjuwangan kanggo mungkasi dis krimina si lan perjuwangan dadi wanita intelektual.

Page 5 of 39 | Total Record : 383