cover
Contact Name
Respati Retno Utami
Contact Email
respatiutami@unesa.ac.id
Phone
+6285736709270
Journal Mail Official
jurnalbaradha@unesa.ac.id
Editorial Address
Jl Lidah Wetan, Lidah wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kota Surabaya, Jawa Timur 60213
Location
Kota surabaya,
Jawa timur
INDONESIA
Jurnal Online Baradha
ISSN : -     EISSN : 22525777     DOI : https://doi.org/10.26740/job.v17n1
JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published twice a year, namely in June and November. JOB (Jurnal Online Baradha) has an International Standard Serial Number (ISSN) in both print and electronic versions, e-ISSN 2252-5777 (electronic version). Focus and Scope JOB (Jurnal Online Baradha) is a scholarly journal that presents literature, culture and local wisdom, linguistics, and Javanese philology or manuscripts and javanese language teaching, including: Javanese language education Javanese tradition Javanese folklore Javanese art Javanese literary criticism Javanese morphology Javanese semantics Javanese philology
Arjuna Subject : Umum - Umum
Articles 20 Documents
Search results for , issue "Vol 16 No 7 (2020)" : 20 Documents clear
BASA FIGURATIF, SARANA RETORIKA LAN ASPEK DEVIASI BASA SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN SERAT PLEROK ANGGITANE YUSUF SUSILO HARTONO (Tintingan Stilistika) Hikmawati Hikmawati; Bambang Purnomo,
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (692.786 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

Abstrak Antologi geguritan Serat Plerok anggitane Yusuf Susilo Hartono mujudake sawijine karya sastra kang narik kawigaten jalaran ngandhut tetembungan kang endah, tembung-tembung kang rinasa aneh lan saperangan tembung sing durung ana tegese (padhane), martandhakake style lan jembare wawasane panggurit sarta mujudake kamardikan panggurit anggone ngronce tetembungan ing geguritan (lisensia puitika). Tembung-tembung kang menawa rinasa aneh dening para pamaca. Kanthi tuwuhe tembung-tembung aneh mau, Yusuf Susilo Hartono nangkep lan mangerteni kanyatan bab-bab kang ana ing sanjabane nalar (logika). Sajrone maca antologi geguritan Serat Plerok, para pamaca dijak balapan ngoyak makna jiwa saperlu nyawang jembaring jagad gumelar. Kanggo mbabar jerone makna lan werdi kang kinandhut sajrone Serat Plerok iki dibutuhake tintingan stilistika. Tintingan stilistika uga digunakake kanggo medhar gaya basa (style) pangripta lan semiotik kanggo medhar isi sajrone geguritan-geguritan kasebut. Sajrone antologi geguritan Serat Plerok anggitane Yusuf Susilo Hartono ditemokake telung aspek stilistika kang dadi style panggurit yaiku basa figuratif, sarana retorika lan aspek deviasi basa. Mula, sajrone panliten iki bakal dirembung (1) wujude basa figuratif awujud majas metafora, (2) sarana retorika kang awujud repetisi lan (3) aspek deviasi basa awujud deviasi. Saka 58 geguritan kang ditliti ditemokake 22 dhata kang ngandhut basa figuratif awujud majas metafora, 34 dhata ngandhut sarana retorika awujud repetisi kang dipantha maneh dadi: anadiplosis (6 dhata), aliterasi (8 dhata), anafora (8 dhata) mesodiplosis (8 dhata) lan kiasmus (5 dhata), sarta 18 dhata kang ngandhut aspek deviasi basa awujud deviasi leksikal. Tembung wigati: basa figuratif, sarana retorika, deviasi, metafora, repetisi
BASA DOL TINUKU PAK CEMPLON ING SAJRONE YOUTUBE AKUN DOLAN ADOH (TINTINGAN SOSIOLINGUISTIK) Imam Rosyidin Amin; Surana Surana
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (381.867 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

Abstrak Maneka werna basa bisa ditemokake ing sajrone bebrayan. Piranti komunikasi anggene cecaturan yaiku basa sing digunakake menungsa anggene cecaturan marang liyane. Kekarepane anggene cecaturan utawa komunikasi marang liyane ngandhut ancas tartamtu saka panuture. Pasar salah sawijine papan panggonan bisa ditemokake basa sing maneka werna. Salah sawijine wong dodolan ing pasar yaiku Pak Cemplon sing dadi objek panliten. Basa dialek lan logat sing unik saka Pak Cemplon nduweni nilai luwih marang sing arep tuku dadi bisa sumringah atine. Akeh wong sing ora arep tuku dadi arep tuku amarga Pak Cemplon bisa gegojekan marang liyane. Andhedhasar andharan kasebut ing panliten iki ngandhut telung andharan panliten, (1) Kepriye wujud basa sajrone dol tinuku Pak Cemplon ing youtube, (2) Kepriye wujud campur kode sajrone dol tinuku Pak Cemplon ing youtube lan, (3) Apa tujuwan sing kinandhut basa sajrone dol tinuku Pak Cemplon ing youtube. Dhasar saka panliten ragam basa iki wujud ragam basa, campur kode, alih kode lan, sebab dumadine campur kode lan, alih kode. Panliten ngenani ragam basa iki kalebu panliten kualitatif nggunakake metodhe sosiolinguistik. Metodhe sosiolinguistik dadi dhasare ing panliten iki amarga cecaturan sing sinambungan marang kahanan masyarakat utamane cecaturan Pak Cemplon ing vidhio youtube ing akun dolan adoh. Tembung wigati: Ragam Basa, Pak Cemplon, Sosiolinguistik, Pasar
MAKSIM KERJASAMA SAJRONE BASA HUMOR ING AKUN YOUTUBE DAGELAN JOWO Divia Okta Wahyuningsih; Surana Surana
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (325.25 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

Abstrak Maksim kerjasama sajrone Dagelan Jowo kalebu panliten kang nggunakake tintingan pragmatik. Basa humor sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube iki ngandharake informasi kang lagi rame ing masyarakat. Undheran panliten, yaiku (1) apa wae wujud maksim kerjasama kang digunakake sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, (2) kapriye penyimpangan maksim kerjasama kang digunakake sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, lan (3) kepriye fungsi basa humor sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube. Tujuwan saka panliten iki, yaiku (1) ngandharake wujud maksim kerjasama kang digunakake sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, (2) ngandharake wujud penyimpangan maksim kerjasama ing Dagelan Jowo, lan (3) ngandharake fungsi basa humor sajrone Dagelan Jowo. Landhesan tintingan panliten iki yaiku nggunakake konsep prinsip kerjasama panemune Grice. Dene konsep fungsi basa humor nggunakake teori panemune Fishman. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif. Dhata ing panliten kasebut kajupuk saka apa kang diandharake dening paraga sajrone video Dagelan Jowo. Cara nglumpukake dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara nyemak banjur dicathet. Adhedhasar andharan ing panliten iki yaiku (1) wujud maksim kerjasama sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube kang ngemot maksim kuantitas, maksim kualitas, maksim relevan, lan maksim pelaksanaan, (2) wujud penyimpangan maksim kerjasama sajrone Dagelan Jowo ing akun youtube, (3) fungsi basa humor keperang dadi fungsi kanggo nglakoni sakabehane pepenginan, tujuwan, panemu, lan pesen, fungsi kanggo nyadharake pawongan yen dheweke ora mesthi bener, fungsi kanggo pamulangan tumrap pawongan kanggo ndeleng prakara saka sudhut ngendi wae, fungsi kanggo sarana hiburan, fungsi kanggo nglancarake pamikiran, fungsi kanggo njalari pawongan supaya gampang anggene toleransi marang samubarang, fungsi aknggo njalari pawongan supaya bisa ngerteni prakara pelik. Tembung wigati: maksim kerjasama, humor, Dagelan Jowo
TRADHISI KESENIAN OBYOGAN ING DESA TAJUG KECAMATAN SIMAN KABUPATEN PONOROGO (Tintingan Owah Gingsir Kabudayan) Dhio Sasetya Wardana; Octo Dendy Andriyanto
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (202.011 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

AbstrakTradhisi Kesenian Obyogan minangka sastra non-lisan kang awujud tarian. Tradhisi kesenian obyoganditindakake saben wiwitan sasi jawa, ana ing bale desa Tajug, Kecamatan Siman, Kabupaten Ponorogo. Tradhisikesenian obyogan iki mujudake bentuk kabudayan dinamis kang ngalami owah-owahan utawa owah gingsir sakajaman biyen, nganti tumekaning jaman saiki. Obyogan iki dhewe ditindakake kanggo ngujub donga marangGusti supaya paring berkah panen kang nengsemake. Sajrone panliten iki bakal dirembug babagan mula buka,makna ubarampene, tata laksanane, owah gingsir lan pigunane tradhisi kesenian obyogan tumrap masyarakatpanyengkuyunge. Panliten iki nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten awujuddhata lesan utawa barang. Teknik analisis keabsahan dhata nggunakake triangulasi dhata, yaiku mbandhingakepamawas saka narasumber siji lan narasumber liyane. Perangan-perangan kasebut bakal diandharake kanthipamawas saka narasumber kang wus suwi nyemplung lan nyengkuyung tradhisi kesenian obyogan iki. Mulabukane, dumadi saka pakulinan wong padesan kang rame-rame utawa bebarengan nalika menyang sawah.Kahanan lelungan bebarengan iku diarani obyog. Tata laksanane tradhisi kesenian obyogan iki ana persiapan,kang diwiwiti wawanrembug antara para sesepuh desa, perwakilan RT, RW lan sinoman sadurunge nglaksananitradhisi iki, dibacutake adicara kaya nyumping barongan lan suguh sega kokok, nganti punjere acara yaikuobyogan. Ubarampe kang digunakake maneka werna, ana sega kokok, wujude nguncup tegese ora ana kangluwih dhuwur tinimbang Gusti, gedhang salirang, gambaran tangan ngathung ngarep-arep berkah, kambilminangka gambaran donya kang ora waton alus dalane, cok bakal gambaran donya lan isen-isene, apem wujudpanyuwunan ayem tentrem, rokok klobot gambaran sabare manungsa lan sarana ngirim panyuwunan, pitik jawaminangka gambaran pangorbanane manungsa. Owah gingsire budayane yen biyen kanggo ngujub berkah sakaGusti, slaras lumakune jaman obyogan jaman saiki dadi kesenian tari hiburan. Wujud piguna tumrap masyarakatpanyengkuyunge kayata, bisa aweh panyengkuyung ing bab ekonomi, amarga para warga bisa nggelar daganganing sakiwa tengene papan panggonan kang digunakake tradhisi kesenian obyogan.Tembung wigati : tradhisi, kabudayan, obyogan, owah gingsir, kesenian
RESISTENSI SLAMETAN NEPTU DENING WARGA KELURAHAN BENCE, KECAMATAN GARUM, KABUPATEN BLITAR Reddy Fusuma Novanto; Sugeng Adipitoyo
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (182.271 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

Abstrak Slametan neptu ingkang wonten Kelurahan Bence, Kecamatan Garum, Kabupaten Blitar menika minangka salah setunggalipun upacara Jawi wonten bab nyurteni diri. artikel menika ngunderaken wonten upados citasi, presentasi, lan performansi ingkang dipuntindakaken warga Kelurahan Bence, Kecamatan Garum, Kabupaten Blitar. Kanthi underan kasebat, saged kangge madosi tataranipun resistensi slametan neptu lumantar maneka warni jinisipun teknik wonten strategi citasi, presentasi, lan performansi ingkang dipuntindakaken warga Kelurahan Bence, Kecamatan Garum, Kabupaten Blitar. Asilipun, tataran resistensi wonten RT 2-RW 3 Dhusun Bence II, Kelurahan Bence, Kecamatan Garum, Kabupaten Blitar kalebet sedhengan kanthi persentase 71,17% kanthi jinisipun citasi wonten tiga, inggih menika afirmasi, ambivalensi, lan rejeksi. Jinisipun presentasi, inggih menika permanensi lan preferensi. Dene jinisipun performansi wonten tiga, inggih menika mitigasi, rekognisi lan instruksi. Saking tataran resistensi menika, slametan neptu kasil dipuntetepi wonten bebrayan. Kanthi mekaten, slametan neptu kedah langkung dipunkekahaken wonten presentasi lan performansinipun, supados mboten cures wonten wekdal tembenipun. Slametan neptu bakal eksis wonten bebrayan selami migunani dhumateng paraga ingkang ngleksanani. Minangka praktik pragmatika kultural ingkang demokratis, slametan neptu mboten saged dipunsambetaken golongan agami tartamtu. Tembung-tembung wigatos: Resistensi, Slametan Neptu,Citasi, Presentasi, lan Performansi
KOHESI LAN KOHERENSI SAJRONE RUBRIK SARIWARTA ING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT EDHISI FEBRUARI-APRIL 2019 Hendyta Agustino; Surana Surana
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (426.087 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

Abstrak Wacana kang apik yaiku wacana sing kudu nggatekake sesambungan antarukara. Bab iki mesthi kudu digatekake kanggo njaga sesambungane lan runtutane ukara. Selaras karo panemu yen basa iku ana bentuk (form) lan makna (meaning), sambungan sajrone wacana bisa dibedakake dadi rong jinis yaiku sambungan bentuk sing diarani kohesi, lan sambungan makna utawa sambungan semantis sing diarani koherensi. Kohesi lan koherensi nduweni peran sing wigati kanggo mujudake wutuhing wacan lan nylarasake wacana. Punjere panliten yaiku kepriye wujud kohesi sajrone rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat lan kepriye wujud koherensi sajrone rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat. Merga saka kuwi, panaliten iki nduweni ancas kanggo ndeskripsi jinis kohesi lan koherensi jroning rubrik Sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat edhisi Februari-April 2020. Panliten iki nggunakake pendekatan teoretis arupa pendekatan analisis wacana lan pendekatan metodologis arupa pendekatan dheskriptif kualitatif. Wujud dhata ing panliten iki yaiku pethikan ukara utawa saperangan ukara sajrone wacana sing dinuga ngandhut kohesi lan koherensi. Sumber data panaliten iki dijupuk saka wacan Sariwarta sing ana ing rubrik sariwarta ing kalawarti Panjebar Semangat edhisi Februari-April 2020. Tata cara nglumpukake dhata kanthi goleki utawa nyepakake dhata, nganalisis dhata, lan ngandharake asil dhata panliten. Asil panliten sing ditemokake ana papat jinis kohesi gramatikal lan telu jinis kohesi leksikal. Papat jinis kohesi gramatikal kasebut yaiku penunjuk (panuduh), penggantian (sesulih purusa, kiltika-e), pelesapan, lan perangkaian (pangiket). Dene kohesi leksikal kasebut yaiku repetisi, sinonimi (dasanama), lan antonimi (kosok balen). Miturut panliten uga ditemokake pitu jinis koherensi, yaiku koherensi panambahan, perlawanan, penekanan, perturutan, sebab-akibat, wektu, lan panjlentrehan. Asil panliten iki uga bisa dimangerteni yen akeh banget sarana kohesi lan koherensi ing kalawarti Panjebar Semangat mligine rubrik Sariwarta. Tembung wigati: kohesi, koherensi, lan wacana pawarta.
INTERAKSI BASA ING NOVEL NGLARI WOTING ATI ANGGITANE FITRI GUNAWAN (Tintingan Sosiostilistika) NOVIA SRI KHASNA AMANIAH; Udjang Pairin
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (453.911 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

ABSTRAK Variasi sajrone basa ora mung jalaran panutur sing ora homogen, nanging uga jalaran kagiyatan interaksi sosial sing dilakokake ana maneka werna. Saben kagiyatan merlokake utawa njalari keragaman basa kasebut. Variasi mligine alih kode, campur kode bakal dibahas sajrone panliten iki. Alih kode minangka pristiwa alih kode teka salah siji kode sajrone kode liyane. Dene campur kode yaiku panganggone unsur-unsur basa liya nalikane nggunakake basa tartamtu. Panliten iki uga nliti ngenani bab stilistika, stilistika yaiku ilmu sing nliti gaya basa. Stilistika sing ditengenake ing kene yaiku bab gaya basa. Gaya basa yaiku cara kanggo nguntapake pamikiring lumantar basa kanthi estetik kang nuduhake kapribadining panulis utawa panganggone basa. Panliten iki nduweni ancas kanggo ngandharake lan njlentrehake babagan-babagan (1) modhel variasi basa ing novel Nglari Woting Ati anggitane Fitri Gunawan, (2) wujud campur kode kang ngrenggani interaksi basa ing novel Nglari Woting Ati anggitane Fitri Gunawan, (3) modhel gaya basa kang ana ing novel Nglari Woting Ati anggitane Fitri Gunawan. Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngasilake dheskripsi ngenani modhel variasi basa, wujud campur kode, lan modhel gaya basa kang ana sajrone novel Nglari Woting Ati. Panliten iki kalebu jinise panliten dheskriptif kanthi pamarekan kualitatif. Metodhe sajrone nganalisis dhata nggunakake metodhe distribusional lan metodhe agih. Asil panliten iki yaiku dheskripsi ngenani wujud interaksi basa ing novel Nglari Woting Ati. Variasi basa mligine alih kode ana 4 kedadeyan, dene campur kode ana 58 kedadeyan. Dene gaya basa ana 4 kedadeyan. Tembung-tembung wigati: alih kode, campur kode, gaya basa, novel Nglari Woting Ati.
ANALISIS KESALAHAN BASA JAWA SAJRONE POSTINGAN AKUN INSTAGRAM @AKU_TENANAN Triana Novita Rahayu; Surana Surana
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (54.24 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

SARI Manungsa ing sajroning sesrawungan karo wong liya nggunakake basa, yaiku lesan utawa tulisan. Basa digunakake ing ngendi wae, salah sawijine basa digunakake ing medhia social. Jeneng medhia social yaiku instagram sarana kanggo unggah postingan foto utawa status sing nggambarake kahanan. Panliten iki mligi ngrembug ing akun instagram @aku_tenanan. Ing akun instagram @aku_tenanan postingan-postingane akeh panulisan kang salah ora manut karo diksi lan panulisan ejaan. Prakara sing dibeber sajroning panliten iki yaiku kesalahan basa Jawa apa wae kang ana ing akun instagram @aku_tenanan. Panliten iki ngandharake wujud kesalahan basa Jawa apa bae kang ana ing postingan akun instagram @aku_tenanan. Pendekatan sing digunakake ing panaliten iki yaiku metodhe teoretis lan metodologis. Dhata panaliten iki wujude ukara postingan akun instagram @aku_tenanan. Sumber dhatane yaiku postingan-postingan ing akun instagram @aku_tenanan. Dhata dikumpulake nganggo observasi langsung, teknik catet lan dokumentasi. Pemaparan asil analisis dhata nganggo metode informal. Asil panaliten iki yaiku wujud-wujud kesalahan basa Jawa di postingan akun instagram @akun_tenanan yaiku kesalahan diksi lan kesalahan ejaan. Tembung Kang Mligi: Kesalahan Basa Jawa
RELIGIUSITAS SAJRONE NOVEL KUPU WENGI MBANGUN SWARGA ANGGITANE TULUS S Kakasya Alya harimurti; Yunita Ernawati
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (263.025 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

Abstrak Sawijine karya sastra sing becik bisa menehi kawruh ngenani saperangan bab sing ana ing njero uripe manungsa mligine urip manungsa sing nduweni sambung rapet karo bab kareligiusitasan. Akehe saperangan karya sastra sing nggambarake unsur religiusitas disebabake saka rapete hubungan antarane karya sastra lan religiusitas. Sawijine karya sastra bisa menehi gambaran ngenani uripe manungsa ing saben dinane, jangkep karo perkara lan rubeda sing dialami manungsa kayata tumindak sedheng, korupsi, konflik sosial, lan sapanunggalane. Padha dene novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S uga ngandhut ngenani unsur religiusitas. Religiusitas sing dirembug ana ing njero panliten iki yaiku ngenani religiusitas langsung lan religiusitas ora langsung sing digambarake ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Pendhekatan sing digunakake yaiku pendhekatan sosiologi sastra. Dhata sing digunakake ing njero panliten iki awujud pethikan tembung, ukara sarta dhialog antar paraga sing ana ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Sumber dhata sing digunakake ing njero panliten iki dijupuk saka novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Teknik nglumpukake dhata sing digunakake ing panliten iki yaiku studi dokumentasi awujud teks novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Ancas panliten iki yaiku kanggo ngandharake gambaran religiusitas sing ana ing njero novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S. Asil saka panliten ngenani bab religiusitas sajrone novel Kupu Wengi Mbangun Swarga anggitane Tulus S diperang dadi rong rembugan antarane (1) Wujud tumindak religiusitas otentik sajrone novel yaiku iman, eling marang Gusti, pasrah, urip rukun lan bekti marang wong tuwa (2) Wujud tumindak religiusitas agamis sajrone novel yaiku sembahyang, ngaji, ibadah haji, lan sodakoh. Rong rembugan kasebut nggambarake ngenani upaya kang ditindakake manungsa supaya luwih cedhak marang Gusti kang Maha Kuwasa. Tembung Wigati: religiusitas, religiusitas langsung, religiusitas ora langsung, lan novel KWMS.
TRADISI ITHUK-ITHUKAN DI DUSUN REJOPURO DESA KAMPUNG ANYAR KECAMATAN GLAGAH KABUPATEN BANYUWANGI (KAJIAN FOLKLOR) Age Mahardika Gustian; Yohan Susilo
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 16 No 7 (2020)
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (273.922 KB) | DOI: 10.26740/job.v16n7.p%p

Abstract

ABSTRAK Tradisi Ithuk-Ithukan di sumber mata air Hajar sebagai salah satu bentuk folklor setengah lisan yang ada di Dusun Rejopuro, Desa Kampung Anyar, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi. Tradhisi Ithuk-Ithukan adalah salah satu tradisi yang masih dilestarikan oleh masyarakat sekitar Rejopuro. Tadisi tersebut sebagai bentuk rasa syukur masyarakat yang sudah menjadi kebiasaan untuk meminta supaya memperoleh keselamatan, diberi rizki, dan dijauhkan dari segala bahaya. Tradisi tersebut dilakukan oleh masyarakat Rejopuro setiap satu tahun sekali pada tanggal 12 Dulqaidah. Bentuk dari Tradisi Ithuk-Ithukan ini akan dibahas menggunakan kajian folklor setengah lisan. Rumusan masalahnya yaitu (1) Bagaimana asal usul dari Tradisi Ithuk-Ithukan di Dusun Rejopuro, Desa Kampung Anyar, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi?, (2) Bagaimana proses dan bahan yang digunakan pada Tradisi Ithuk-Ithukan di Dusun Rejopuro, Desa Kampung Anyar, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi?, (3) Bagaimana nilai yang ada dalam Tradisi Ithuk-Ithukan?, (4) Bagaimana fungsi Tradisi Ithuk-Ithukan?, (5) Apa saja perubahan-perubahan yang terjadi pada Tradisi Ithuk-Ithukan di Dusun Rejopuro, Desa Kampung Anyar, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi? Tradisi ini sebagai wujud rasa syukur kepada Tuhan Yang Maha Kuasa atas rizki yang telah diperoleh selama ini. Tradisi ruwatan ini berbeda dengan tradisi ruwatan lainnya. Tradisi Ithuk-Ithukan ini merupakan bentuk rasa syukur kepada Tuhan yang digambarkan dengan ruwatan sumber mata air yang ada di Desa Kampung Anyar. Fungsi dari Tradisi Ithuk-Ithukan sendiri adalah sebagai alat proyeksi. Tradisi Ithuk-Ithukan di sumber mata air Hajar ini mengalami perubahan. Perubahan tersebut terjadi dikarenakan hal yang bersifat dinamis. Kata Kunci: Tradisi Ithuk-Ithukan, ruwatan, folklor, sumber mata air.

Page 1 of 2 | Total Record : 20