cover
Contact Name
Respati Retno Utami
Contact Email
respatiutami@unesa.ac.id
Phone
+6285736709270
Journal Mail Official
jurnalbaradha@unesa.ac.id
Editorial Address
Jl Lidah Wetan, Lidah wetan, Kecamatan Lakarsantri, Kota Surabaya, Jawa Timur 60213
Location
Kota surabaya,
Jawa timur
INDONESIA
Jurnal Online Baradha
ISSN : -     EISSN : 22525777     DOI : https://doi.org/10.26740/job.v17n1
JOB (Jurnal Online Baradha) is an open access journal published by the Javanese language and Literature Education Study Program, Faculty of Languages and Arts, Universitas Negeri Surabaya. First published issue of Volume 1 No 1 in 2009 with 1 article in it. JOB: Jurnal Online Baradha is published twice a year, namely in June and November. JOB (Jurnal Online Baradha) has an International Standard Serial Number (ISSN) in both print and electronic versions, e-ISSN 2252-5777 (electronic version). Focus and Scope JOB (Jurnal Online Baradha) is a scholarly journal that presents literature, culture and local wisdom, linguistics, and Javanese philology or manuscripts and javanese language teaching, including: Javanese language education Javanese tradition Javanese folklore Javanese art Javanese literary criticism Javanese morphology Javanese semantics Javanese philology
Arjuna Subject : Umum - Umum
Articles 383 Documents
PERJUWANGAN MUNGSUH PKI SAJRONE CERBUNG MANDHOR PASAR TANDHASRIDANA ANGGITANE SUHINDRIYO: TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana anggitane Suhindriyo ngandhut perjuwangan sajrone masyarakat. Perjuwangan kang diandharake dening pangripta mujudake gegambaran kang nyata sajrone urip bebrayan masyarakat ing jaman semana. Perjuwangan kang kinandhut yaiku ngenani perjuwangane masyarakat mungsuh Partai Komunis Indonesia (PKI). Saliyane iku uga ana wujude organisasi kang gegayutan karo Partai Komunis Indonesia, lan gayute fakta sejarah jrone cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana karo bebrayan. Kedadeyan kaya mangkono mau bisa wae dumadi ing sawijine negara. Pangripta njupuk tema perjuwangan lan njlentrehake bab Partai Komunis Indonesia jalaran ngaca saka kedadeyan rikala semana kang nyata anane lan dumadi ing bebrayan masyarakat. Saliyane iku, reriptan sastra uga mujudake kaca benggala urip bebrayane masyarakat. Underane panliten iki yaiku (1) kepriye perjuwangane masyarakat mungsuh PKI sajrone cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana; (2) kepriye wujude organisasi kang gegayutan karo PKI sajrone cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana; (3) kepriye gayute fakta sejarah sajrone cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana karo bebrayan. Paedahe panliten yaiku ngrembakake konsep lan teori bab sastra mligine tintingan sosiologi sastra. Saliyane iku, panliten iki bisa nambah kawruh tumrap pamaca lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure. Pamarekan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku pamarekan Sosiologi sastra. Panliten iki kalebu wujud panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana. Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana. Olehe nglumpukake dhata kasebut digunakake metodhe studi pustaka. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu. Sapisan, wujude perjuwangan masyarakat mungsuh PKI sajrone cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana kang bisa diperang dadi telu. Kapindho, wujude organisasi kang gegayutan karo PKI, bisa diperang dadi lima. Katelu, gayute fakta sejarah sajrone cerbung Mandhor Pasar Tandhasridana karo bebrayan kang diperang dadi telu. Tembung utama: Perjuwangan, Partai politik, Cerbung.
RASA TENTREM SAJRONE CERBUNG NRIMA ING PANDUM ANGGITANE  SUTARMANTO (Tintingan Psikologi Humanistik Abraham Maslow)
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Cerbung Nrima ing Pandum anggitane Sutarmanto nggambarake ngenani kabutuhan rasa tentrem para paragane. Kabutuhan rasa tentrem kang durung kacukupan bisa nuwuhake pirang-pirang problem. Saliyane anane problem kang tuwuh uga ana pirang-pirang upaya kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentrem. Bab rasa tentrem minangka unsur kang onjo sajrone cerbung Nrima ing Pandum kasebut, mula panliten iki nliti babagan kabutuhan rasa tentrem para paragane kanthi nggunakake teori psikologi humanistik hirarki kabutuhane Abraham Maslow mligine babagan kabutuhan rasa tentrem. Underane panliten iki yaiku 1) Kepriye gambaran kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung Nrima Ing Pandum Anggitane Sutarmanto, 2) Kepriye problem saka kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung kasebut, 3) Kepriye upayane paraga kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung kasebut. Slaras karo undere panliten dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku 1) ngandharake gegambaran kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung Nrima Ing Pandum Anggitane Sutarmanto, 2) ngandharake problem saka kabutuhan rasa tentrem sajrone cerbung kasebut, 3) ngandharake upayane paraga kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentrem paraga sajrone cerbung kasebut. Metodhe kang digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa cerbung sajrone kalawarti Nrima ing Pandum. Dhatane panliten yaiku tembung, frase lan ukara sajrone cerbung Nrima Ing Pandum taun 2015. Panglumpuke dhata kasebut nggunakake teknik waca pilih cathet lan kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata nggunakake metodhe dheskriptif analisis kanthi tintingan psikologi sastra Abraham Maslow. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu. Perangan sepisan ngenani gambaran kabutuhan rasa tentreme paraga kaperang dadi wolu, yaiku 1) Kabutuhan rasa tentrem saka rasa tagihan utang, 2) Kabutuhan rasa tentrem saka mungsuh, 3) Kabutuhan rasa tentrem saka bebaya, 4) Kabutuhan rasa tentrem saka idheologi tartamtu, 5) Kabutuhan rasa tentrem saka inciman, 6) Kabutuhan rasa tentrem saka pangenyek, 7) Kabutuhan rasa tentrem saka lara, lan 8) Kabutuhan rasa tentrem saka rasa sumelang. Perangan kapindho, problem kang tuwuh saka kabutuhan rasa tentreme paraga diperang dadi telu yaiku 1) pikiran mbruwet 2) rasa rikuh, lan 3) wedi srawung. Perangan katelu upaya kanggo nyukupi kabutuhan rasa tentreme paraga diperang dadi enem yaiku 1) Gelem diwelasi, 2) Nyilih dhuwit, 3) Ndhewe, 4) Menging wong liya, 5) Pasrah marang Gusti, lan 6) Donga marang Gusti.
KONFLIK SOSIAL SAJRONE CERBUNG TIKUS BANGKOK ANGGITANE ADINDA AS (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Konflik sosial mujudake prekara-prekara sing tuwuh jalaran anane sesambungan manungsa siji lan sijine. Cerbung Tikus Bangkok (CTB) anggitane Adinda AS ngandharake maneka werna konflik sosial sing dumadi antarane paraga siji karo paraga liyane. Punjere panliten iki yaiku: 1) Kepriye gegambaran konflik sosial sajrone CTB?, 2) Kepriye panyebab lan pamungkase konflik sosial sajrone CTB?, lan 3) Nilai-nilai apa sing diugemi masyarakat sajrone CTB? Adhedhasar punjere panliten kasebut, tujuwane panliten yaiku: 1) njlentrehake gegambaran konflik sosial sajrone CTB, 2) njlentrehake panyebab lan pamungkase konflik sosial sajrone CTB, lan 3) njlentrehake nilai-nilai sing diugemi masyarakat sajrone CTB. Paedahe panliten yaiku menehi sumbangan kanggo 1) kajian sastra, 2) pamaca, 3) pasinaon siswa, lan 4) panliti dhewe. Panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra, mligine sosiologi sastra sing diandharake dening Wellek & Warren sing munjer marang teks sastra tanpa ngrembug sosiologi sastra pangripta apadene pamaca. Metodhe panliten sing digunakake yaiku metodhe deskriptif. Sumber dhata panliten iki yaiku cerbung Tikus Bangkok sing kapacak ing kalawarti Djaka Lodhang wiwit tanggal 8 Agustus 2015 nganti 28 Nopember 2015 kanthi cacah 17 edhisi, dene dhata panliten yaiku konflik sosial sing bisa dituduhake lumantar pacelathon sing kedadeyan saka tembung, ukara, paragraf, antawacana sarta dheskripsi solah bawa sing digambarake dening pangripta. Piranti kanggo nglumpukake dhata yaiku kertu dhata lan tabel klasifikasi dhata. Teknik nglumpukake dhata kanthi teknik nyiapake lembar dhata, seleksi dhata, dheskripsi, lan ndudut. Sabanjure dhata dijlentrehake kanthi nggunakake teknik deskriptif-interpretatif. Asile panliten yaiku ngandharake telung prekara ing antarane 1) gegambaran konflik sosial, 2) panyebab lan pamungkase konflik sosial, lan 3) nilai-nilai sing diugemi masyarakat sajrone cerbung. Gegambaran konflik sosial digambarake kanthi wujud padudon, pangincim, lan pancakara sing dumadi antarane pawongan siji lan sijine, pawongan karo pawongan sing makili klompok, pawongan karo klompok, sarta antarane klompok karo klompok. Panyebab tuwuhe konflik sosial yaiku jalaran karakteristik saben wong lan kapreluwan sing beda. Pamungkase konflik sosial ditindakake kanthi cara mediasi, kompromi, kemenangan salah siji pihak, lan anane kalungguhan pamarentah. Nilai-nilai sing diugemi masyarakat sajrone cerbung yaiku nilai gotong royong, waspada,wasis, rukun, lan sumeleh. Tembung wigati: konflik sosial, cerbung, sosiologi sastra
Tetuwuhan lan Sato Kewan Sajrone Serat Nawaruci ingkang Taksih dipun Ginakaken Wonten ing Masyarakat
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Serat Nawaruci minangka salah sawijine kasusastraan lawas kang diserat dening Mpu Siwamurti banjur dialih aksarakake dening Prijohoetomo. Serat kasebut uga wis kondhang kaloka ing masyarakat kabukti saka crita Nawaruci kang asring digawe pagelaran wayang kulit. Ora mung kuwi serat kasebut uga akeh sing nliti ngenani filsafat lan piwulange. Mula saka kuwi panliten uga kepingin nliti serat kasebut, ananging babagan kang arep ditliti ngenani nilai budaya kang ana sesambungane manungsa karo alam. Gusti nyiptakake isine dunya iki maneka werna jinis tetuwuhan lan sato kewan. Ing jaman biyen karo ing jaman saiki akeh sing ngalami owah-owahan mligini aran utawa jeneng, uga ana sing cures lan uga akeh kang wis dimanfaatake kanggo obat herbal. Jinis tetuwuhan ing alam dunya mesthi ana guna lan manfaate, masyarakat ing jaman saiki wis akeh sing manfaatake tetuwuhan kanggo pengobatan kabukti saka tuwuhe buku-buku, artikel, jurnal pengobatan kang isine ngrembug ngenani obat-obat herbal kang bahane saka tetuwuhan. Saliyane iku uga akeh pengobatan alternatif kang nggunakake obat saka tetuwuhan. Obat herbal ing jaman biyen nganti saiki saya suwi saya ngrembaka ing urip bebrayan. Asile saka panliten iki ngandharake ngenani analisis Nawaruci, nilai budaya sing nduweni sesambungane manungsa karo alam, jinis-jinis tetuwuhan lan sato kewan sarta pemanfaatane. panliten ngandharake lan nganalisis nilai budaya sing nduweni sesambungane manungsa karo lingkungan alam yaiku nilai keseimbangan sing ana sesambungane karo manfaatake sumber daya alam. Panliten nyebutake jinis-jinis tetwuhan lan sato kewan kang ana ing serat kasebut. Jinis tetuwuhan kang ana ing serat kasebut yaiku jinis woh-wohan, jinis wit-witan, jinis kembang, jinis suket lsp, jinis sato kewan uga ake jinise yaiku jinis kewan kang manggon ing alas, jinis kewan kang urip ing banyu, jinis manuk, lan Jinis sato iwen. Kabeh jinis tetwuhuan lan sato kewan kasebut banjur dijlentrehna ngenani manfaat lan fungsine. Tembung wigati : tetuwuhan lan sato kewan
KRITIK SOSIAL SAJRONE NOVEL ING SATENGAHING ALAS BRONGKOS ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Novel Ing Satengahing Alas Brongkos anggitane Tiwiek SA ngandhut kritik sosial kang onjo. Novel Ing Satengahing Alas Brongkos banjur dicekak dadi ISAB. Kritik sosial iki minangka gegambaran saka uripe manungsa ing kanyatan. Kritik sosial iki dikarepake pangripta bisa nambahi wawasan tumrap manungsa supaya bisa nglakoni urip luwih apik lan tinata. Bisa dadi kaca benggala tumrap manungsa supaya bisa ndandani kaluputan kang tau dumadi sadurunge. Kritik sosial kang ana sajrone novel ISAB anggitane Tiwiek SA iki bakal ditintingi kanthi nggunakake tintingan sosiologi sastra. Adhedhasar andharan kasebut bisa dijupuk undering panliten yaiku (1) kritik sosial apa wae kang ana sajrone novel ISAB? (2) kepriye gayute kritik sosial sajrone novel ISAB klawan kanyatan? Saka underan panliten mau, nduweni ancas (1) ngandharake kritik sosial sajrone novel ISAB. (2) ngandharake gayute kritik sosial sajrone novel ISAB klawan kanyatan. Dene paedahe panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung pangrembakane karya-karya sastra Jawa Modern, digunakake minangka bahan pasinaon apresiasi lan bisa didadekake sumber informasi ngenani kritik sastra, sarta nambahi kawruh ngenani perangane karya sastra, pigunane tintingan sosiologi kanggo ngonceki karya sastra lan bisa uga menehi kreteg supaya luwih gampang anggone ngerteni lan mahami isi kang kinandhut sajrone novel ISAB. Landhesan teori sajrone panliten iki nggunakake sosiologi sastra kang diandharake dening Iant Watt mligine teori kang kapindho yaiku sastra minangka kaca benggala kanggo masyarakat, kang ditliti sepira adohe sastra njlentrehake urip kang ana ing masyarakat. Panliten iki nggunakake metodhe panliten deskriptif kualitatif. Sumber dhatane yaiku novel ISAB anggitane Tiwiek SA lan pawarta ing internet. Dene, dhata panliten yaiku tembung-tembung, ukara, lan wacana kasusastran sajrone novel ISAB. Cara ngumpulake dhata yaiku studi kapustakan, seleksi dhata, lan analisis dhata. Sajrone ngolah dhata tumuju tintingan sosiologi sastra kabantu dening analisis struktur, dene perangan liyane digunakake kanggo nyengkuyung madege tema. Kritik sosial sajrone novel ISAB iki ngandharake ngenani (1) kritik sosial tumrap wong bebojoan kayata kabutuhan ekonomi, tumindak sewenang-wenang marang sisihane, tumindak sedheng, lan tumindak wani marang sisihan (2) kritik sosial tumrap tumindak durjana kayata apus-apus, pelecehan seksual, ngruda paksa, lan ngrampog (3) kritik sosial tumrap panguwasa kayata panguwasa kang tumindak sawenang-wenang, panguwasa kang ngumbar janji, lan panguwasa kang thuk mis (4) kritik tumrap wanita matrealis (5) kritik tumrap sipat gumedhe.
AGRESIVITASSAJRONE CERBUNG NJAREMING PANGIGIT-IGITANGGITANESUROSO BC.HK(TINTINGANPSIKOLOGISASTRA) RIZKY NURYANTI
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (385.683 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Crita sambung Njareming Pangigit - igit anggitane Suroso Bc. Hk nyritakake lelakon uripeAnwar sing sarwa ruwet jalaran sipat agresif sing ana sajrone d hirine. Sipat agresif iki saya suwe saya ngrembaka, saengga nerak angger - angger, uga bisa nggawe lara lan pitunane wong liya. Adhedhasar lelandhesane panliten kasebut, underane panliten sajrone cerbung Njareming Pangigit - igit gegayutan karo aspek psikologi yaiku: 1) kepriye gegambarane agresivitas, 2) apa wae sing njalari agresivitas lan 3) kepriye cara panglereming agresivitas. Adhedhasar underane panliten kasebut, mula ancas saka panliten sajrone cerbung Njareming Pangigit - igit gegayutan karo aspek psikol ogi yaiku 1) ngandharake gegambaran agresivitas, 2) ngandharake apa wae kang njalari dumadine agresivitas, lan 3) ngandharake cara panglereming tindak agresif. Saka andharan mau, crita sambung Njareming Pangigit - igit cocog dianalisis nganggo tintingan psik ologi sastra, mligine psikologi sosial miturut pamawase David G. Myers. Panliten iki kalebu panliten deskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake awujud cerbung kanthi irah - irahan Njareming Pangigit - igit anggitane Suroso Bc. Hk. Dhatakang digunakake sajrone panliten iki arupa tembung, ukara lan paragraf sing arupa cecaturan utawa naratif. Kanggo nglumpukake data, nggunakake metode teknik pustaka lan cathet. Tata cara nulis asile panliten iki kanthi cara deskriptif analitik. Asiling panliten iki laras k aro underane panliten. Sing kapisan, njlentrehake gegambaran agresivitas yaiku 1) merjaya liyan lan motife, 2) ngruda peksa, 3) malsu , 4) nyerang, 5) mitenah, lan 6) nyolong. Kapindho, faktor sing njalari agresivitas diperang dadi nem, yaiku 1) kacingkrang an, 2) emosi, 3) faktor biologis, 4) frustasi, 5) kurange pendhidhikan, lan 6) pangaribawane medhia. Katelu, cara panglereming tumindak agresif kanthi cara ukuman lan katarsis. Tembung kang wigati: agresivitas
TINDAK TUTUR ILOKUSI DAKWAHKH. ANWAR ZAHID SAJRONE PENGAJIAN UMUM ING DESA KANOREJO KECAMATAN RENGEL KABUPATEN TUBAN
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (22.787 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Tindak tutur ilokusi dakwah KH. Anwar Zahid sajrone pengajian umum nduweni bab kang unik, dibanding karo kiyayi liyane. Bab kang unik saka KH. Anwar Zahid yaiku nalika cramah agama kerep nggunakake basa Jawa logat Bojonegoro lan logat Surabayanan. Tuturane ceblang-ceblung apa anane, santai lucu, materi kang dituturake gegayutan karo bab kang wigati kayata bab akhlak, ibadah lan amaliyah. KH. Anwar Zahid kasebut kerep ngangkat perkara saben dina kang dialami dening masyarakat. Sakliyane kuwi bahasane gampang dimangerteni dening mitra tutur, apa maneh cramahe disuguhi stend up comedy ananging jamaahe akeh kang oleh paedah iman lan islam saka pengajian umum kasebut. Punjere panliten ana rong pitakonan yaiku (1) Kapriye tindak tutur ilokusi dakwah kang digunakake dening KH. Anwar Zahid? (2) Kepriye konteks dakwah kang digunakake dening KH. Anwar Zahid? Tujuwan ing panliten iki yaiku ngandharake jinis lan konteks tuturan sajrone dakwah kang dituturake dening kiyayi. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif kang nggambarake dakwah minangka bab kang ditliti bisa menehi gegambaran kang cetha lan objektif ngenani tindak tutur sajrone pengajian umum.Sumber dhata panliten iki yaiku arupa Tuturan dakwah kang dituturake dening KH. Anwar Zahid. Dene teknik kang digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku teknik semak, teknik cathet. Panemukang digunakake yaiku panemuneJhon L. Austin lan Jhon Searle ngenani tindak tutur. Asile panliten kang sepisan yaiku bab Jinise tindak tutur ilokusi kang kaperang dadi loro yaiku tindak tutur ilokusi asertif menyatakan (Ngandhani), asertif menyatakan (Micara), asertif menyarankan (Menehi Anjuran), asertif melaporkan (Nuturake pawarta) lan asertif membanggakan. Dene tindak tutur ilokusi ekspresif kaperang dadi loro yaiku tindak ilokusi ekspresif marah (nesu) lan tindak ilokusi asertif mengakui (ngakoni). Kang kapindho yaiku konteks dakwah kang digunakake sajrone dakwah dening KH. Anwar Zahid kaperang dadi loro yaiku konteks eksistensial karo konteks aksional.
SESAMBUNGAN PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIK SAJRONE MERONIMIBAB BANGSA URIPING TLATAH TULUNGAGUNG SITI MARIFATUS SOLIKAH
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (594.229 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Meronimi kalebu salah sijine jinise sesambu ngane teges. Sesambungane teges meronimi yaiku, sesambungane teges kang mratelakake saperangan kanggo sakabehe. Panggolonge meronimi sajrone panliten iki cacahe ana telung bab kang adhedhasar bangsa urip, yaiku bab manungsa, bab kewan, lan bab tetuwuhan. T elung bab sajrone meronimi kasebut sabanjure bakal digoleki sesambungan paradhigmatik lan sintagmatike. Adhedhasar bab kase but, punjere panliten iki yaiku: (1) Apa wae jinise sesambungan paradhigmatik sa jrone meronimi bab bangsa urip? lan (2) Apa wae jin ise sesambungan sintagmatik s ajrone meronimi bab bangsa urip? Tujuwane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise sesambungan paradhigmatik lan sintagmatik sajrone meronimi bab bangsa urip ing tlatah Tulungagung. Panliten iki kalebu jinis panl iten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku tembung - tembung perangane bangsa urip yaiku perangane manungsa, kewan, lan tetuwuhan kang ana ing tlatah Tulungagung. Dhata kasebut diolehi saka nyemak lan nyathet para pan utur ing tlatah Tulungagung. Tembung - tembung sajrone meronimi bab bangsa urip ing tlatah Tulungagung kang kasil diklumpukake ana 404, kang kaperang ing telung bab. Bab manungsa ana 90 tembung saka rong jinis, bab kewan ana 163 tembung saka 73 jinis, lan 1 51 tembung saka 198 jinis. Asile panliten iki nuduhake yen meronimi bab bangsa urip nduweni sesambungan paradhigmatik kang dijlentrehake lumantar tabel - tabel, saengga bisa digoleki drajat pepadhane lan tegese tembung - tembunge. Saliyane kuwi, uga bisa diwer uhi jinise sesambungan paradhigmatik kang cacahe ana loro, yaiku hipernim lan hiponim. Saka jinis mau bisa diweruhi sipate kang cacahe uga ana loro, yaiku netep lan ora netep. Banjur jinise sesambungan sintagmatik sajrone meronimi bab bangsa urip ana loro, yaiku enkapsulasi lan dhistribusi. Saka jinis kasebut uga bisa diweruhi sipat kang cacahe ana loro, yaiku enkapsulatif lan dhistributif. Tembung wigati : sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik, meronimi, bangsa urip.
PAMILIHIE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONING ANTOLOGI GEGURITANKIDUNGLINGSIR WENGIANGGITANE SUHARMONO KASIUN MUHAMMAD ISYOMMUDIN
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (1252.021 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak ABSTRAK Geguritan salah sawijine wujud karya sastra kang ditulis dening penggurit kanthi nggunakake basa kang endah lan nduweni pamikiran kang endah awujud basa t ulis. Kanthi nggunakake pamilihe tembung - tembung kang apik, pengarang bisa medhar pesan kang ana ing sawijine pamikirane, lan pangrasane. Tetembungan lan ukara - ukara kang ana ing sawijine karya satra iku dadi pathokan anggone nulis sawijine karya sastra. P amilihe tembung - tembung kasebut kang ndadekake sawijine guritan kasebut nduweni kaendahan. Salah sawijine geguritan yaiku antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun. Anane geguritan kidung lingsir wengi kasebut dadi dhasar tuwuhe p angira - ira. Adhedhasar landhesan panliten ing ndhuwur, punjere panliten yaiku: 1) kepriye wujud pamilihe tembung (Diksi) sajrone antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun?, lan 2) kepriye wujud lelewane basa sajrone antologi geguri tan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun?. Dene tujuwane panliten iki yaiku ngandharake pamilihe tembung sajrone antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun lan ngandharake lelewane basa sajrone antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki yaiku antologi geguritan kidung lingsir wengi anggitane Suharmono Kasiun. Dene teknik sing digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku teknik nyathet lan kapustakan. Tintingan sing dianggo yaiku tintingan stilistika. Teori sing digunakake yaiku Ing nganalisis pamilihe tembung nggunakake teorine Nurgiyantoro. pamilihe tembung mujudake pengunaane tembung - tembung kang sengaja dipilih dening panggurit. Kanggo nganalisis lelewane basa, migunakake panemune Ratna ngandharake kanthi cara umum majas diperang dadi papat yaiku, majas perbandhingan , sindiran , penegasan , lan pertentangan . Asile panliten pamilihing tembung bisa diperang dadi papat ingkang kapisan yaiku ragam basa, purwakanti (titi swara), titi tembung (morfologi), lan yaiku titi makna (semantik). Lan lelewaning basa amung ngandharake majas. Purwakanthi bisa diperang maneh d adi telu yaiku (1) purwakanthi guru swara, (2) purwakanthi guru sastra, lan (3) lumaksita. Lan uga titi tembung bisa diperang dadi papat yaiku, (1) tembung rangkep, lan (2) tembung camboran. Titi makna bisa diperang dadi telu yaiku (1) sinonim, (2) antoni m, lan (3) entar. Lan perangan pungkasan yaiku majas, majas bisa diperang dadi telu yaiku (1) majas perbandhingan, (2) majas penegasan, lan (3) majas sindiran. Tembung Wigati : pamilihe tembung lan lelewane basa
ELIPSIS JEJER SAJRONE UKARA CAMBORAN ING BASA JAWA CHOIRUNNISA
JOB (Jurnal Online Baradha) Vol 3 No 3 (2016): Volume 3 edisi Yudisium 2017
Publisher : Universitas Negeri Surabaya

Show Abstract | Download Original | Original Source | Check in Google Scholar | Full PDF (437.807 KB) | DOI: 10.26740/job.v3n3.p%p

Abstract

Abstrak Panliten tumrap Elipsis Jejer kalebu panliten sing isih jarang ditindakake dening para ahli basa. Para ahli basa sing wis nliti elipsis jejer kasebut durung ana sing mligi nliti ngenani elipsis jejer adhedhasar wujud lan kalungguhane jejer sing dielipsisa ke. Adhedhasar bab kasebut undere panliten iki yaiku kepriye wujude jejer lan kalungguhane jejer sing dielipsisake sajrone ukara camboran? Tujuwane panliten iki, yaiku kanggo ngandharake lan njlentrehake wujude tembung sing nduweni guna jejer lan kalungguh ane jejer sing dielipsisake sajrone ukara camboran. Landhesan teori sing digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Tata makaryane teori transformasi generatif diperang dadi telu adhedhasar triaspek sintaksis, yaiku wujud (katego ri), guna (fungsi), kalungguhan (peran). Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik deskriptif, panliten sing njlentrehake dhatane panliten iki, yaiku ukara - ukara camboran sing kalebu ukara elipsis jejer. Panliten iki asipat sinkronis, amarga basa sing ditliti yaiku basa Jawa sing digunakake ing jaman saiki. Sumber dhatane yaiku awujud karya sastra, lan karya sing dudu sastra ing kalawarti basa Jawa Jayabaya taun 2015. Dhata sing digunakake ing panliten iki yaiku awujud teks tulis sajrone ukara - ukara ca mboran sing ngalami elipsis jejer ing rubrik - rubrik sastra lan nonsastra kalawarti Jayabaya taun 2015. Dhata diklumpukake nganggo teknik cathet. Tatacarane njlentrehake dhata ing panliten iki nggunakake metodhe agih. Asile njlentrehake dhata disuguhake ngg unakake metodhe formal informal. Elipsis jejer sajrone ukara camboran ing basa Jawa bisa diperang dadi loro adhedhasar wujud lan kalungguhane jejer sing dielipsisake sajrone ukara camboran. Adhedhasar teori transformasi generatif, wujude tembung sing mangg oni kalungguhan jejer lan bisa dielipsisake sajrone ukara camboran, bisa diperang dadi telung jenis yaiku (1) elipsis jejer awujud tembung aran lan frasa aran sajrone ukara camboran, (2) elipsis jejer awujud tembung kriya lan frasa kriya sajrone ukara camb oran, (3) elipsis jejer awujud tembung kahanan lan frasa kahanan sajrone ukara camboran. Elipsis jejer uga bisa diperang adhedhasar kalungguhane jejer sing dielipsisake miturut teori transformasi generatif, yaiku (1) elipsis jejer kalungguhan paraga sajro ne ukara camboran, (2) elipsis jejer kalungguhan panandhang sajrone ukara camboran, (3) elipsis jejer kalungguhan paraga lan panandhang sajrone ukara camboran, (4) elipsis jejer kalungguhan panampa sajrone ukara camboran, (5) elipsis jejer kalungguhan rese ptif sajrone ukara camboran, (6) elipsis jejer kalungguhan sumber sajrone ukara camboran, (7) elipsis jejer kalungguhan faktor sajrone ukara camboran. Jejer sing bisa dielipsisake yaiku jejer sing aran lan wujude padha antarane jejer siji lan jejer liyane sajrone ukara. Elipsis jejer nduweni tujuwan kanggo ngirit tembung ing ukara nanging ora ngowahi tegese ukara. Tembung wigati: Elipsis, Jejer, Ukara camboran

Page 2 of 39 | Total Record : 383